BLANGKON
Blangkon iku sajinis
panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik.
Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo
minangka pasangan karo busana beskap. Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat
Yogyakarta khususe gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat.
Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo
topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi.
jinis blangkon miturut adat ing
papan panggonan tinamtu:
1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan
(trèpès).
2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3. Blangkon Kedhu.
4. Blangkon Banyumas.
5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3. Blangkon Kedhu.
4. Blangkon Banyumas.
5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, yaiku wangun sing
njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep
dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon
gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga
akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait
langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga
sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda
wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.
Neng Daerah Istimewa Yogyakarta
netapke dino blangkon saben minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon,
dadi saben dina setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK,
lan SMA. Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo
kutho-kutho liyane.