Senin, 24 November 2014

Tradisi Lamaran Desa Gunung Panti lan Desa Ngepolo, kec. Winong, kab. Pati, Jawa Tengah



TRADISI LAMARAN
Desa Gunung Panti lan Desa Ngepolo

            Ana ing kutha Pati ana desa sing diarani desa Gunung Panti, desa Godo, lan desa Ngepolo. Desa kuwi ana ing kecamatan Winong, kabupaten Pati, Jawa Tengah. Yen arep lelungan saka desa Gunung Panti menyang desa Ngepolo paling cedhak lewat desa Godo. Isa lewat dalan liya yaiku lewat desa Kropak. Nanging metune mubeng uga rada adoh.
            Nalika semana ana cerita yen masyarakan Gunung Panti arep seserahan nalika kawinan ora kena ngliwati desa Godo. Kudu metu desa Kropak senadyan kuwi metune adoh lan mubeng. Jarene yen meksa metu desa Godo, bakal ana alangan nalika seserahan utawa nalika kawinan. Bakal ana kedadeyan sing ora dikarepke.
            Sadurunge adhicara seserahan utawa kawinan, ana adhicara sing jenenge Ndhodhok Lawang. Ndhodhok Lawang yaiku wong tuwa/wali saka pihak lanang mara ning omahe bocah wadon. Wong tuwa/wali saka pihak lanang takon karo pihak wadon, apa anake wis ana sing nduwe apa urung. Yen urung ana, bakal ana sing arep nakonke. Keloro pihak kuwi langsung nemtokake tanggal kanggo adhicara selanjute yaiku adhicara Lamaran.
            Selanjute adhicara Lamaran. Lamaran yaiku wali (dudu wong tuwane) saka pihak lanang mara ning omahe pihak wadon karo nggawa barang kanggo wong wadon yaiku emas kawin, Ketan, kue sarang madu, Gemblong, lan liya-liyane. Ana ing adhicara iki wali saka pihak lanang dibarengi karo dulur-dulure utawa tangga utawa kanca-kancane mara menyang omahe bocah wadon karo nggawa barang-barang mau. Sawise tekan omahe bocah wadon, wali saka pihak lanang ngomong apa tujuwane mara ning omahe pihak wadon. Wong tuwa saka pihak wadon uga nemoni nanging sing nerima lansing ngomong dudu wong tuwane. Nalika saka pihak lanang wis ngomong apa tujuwane, bocah wadon nampani mas kawin. Sawise diterima saka pihak lanang, bocah wadon kuwi metunemoni tamu-tamu lan rombongan saka pihak lanang. Bocah wadon nyalami tamu-tamu lan rombongan. Nalika rampung salaman bocah wadon mlebu lan para tamu/rombongan diwenehi mangan utawa suguhan. Nalika adhicara lamaran uwis rampung, saka pihak lanang pamitan mulih. Bocah wadon sakulawarga metu jejer-jejer metu ing ngarep lawang kanggo nyalami para tamu/rombongan saka pihak lanang sing padha bali.
            Sawise adhicara Lamaran. Ing liya dina kaloro pihak, antarane wong tuwane bocah lanang lan bocah wadon ketemu kanggo ngrembug bab dina kanggo kawinan/nikahan. Ana ing adhicara Kawinan iki ana sing jenenge seserahan. Seserahan diwenehake nalika sarampunge ijab. Nalika kuwi saka pihak lanang menehi seserahan awujud ketan, amben, tolet, alat kosmetik, baju/kain,lan liya-liyane kango bocah wadon. Pihak lanang menehi marang bocah wadon, bocah wadon nampani seserahan mau. Biasane saka pihak wadon menehi balenan seserahan awujud lemari, amben, lan liyane. Biasane semampune. Yen ora diwenehi balenan ya ora apa-apa. Nalika seserahan kuwi, antarane desa Ngepala karo desa Gunung Panti ora kena ngliwati/lewat desa Godo. Yen meksa ngliwati bakal ana gangguan nalika ing acara utawa sarampunge acara. Bakal ana kedadeyan sing ora dipingini. Nanging seiring majune jaman,wis akeh wong sing nglanggar pantangan mau. Nalika dilanggar penganten kuwi nalika wis omah-omah /bebojoan suwe olehe duwe anak, mesthi ana alangane nalika omah-omah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar