Sabtu, 10 Januari 2015

gegurita "Biyung"



BIYUNG
R. Bambang Nursinggih, S.Sn.

Pangurbanane tan bisa den wilang,
apa maneh tinebus lawan donya saisine
katresnane kasok, tan bisa katandhingake

Lelabuhane ikhlas resik,
sutik njaluk sesulih, apa maneh piwales
Panggulawentahe ora kendhat
wiwit saka kadhutan tumekane dewasa
Prihatine kaluwih-luwih,
amrih sisiwi uripe nemu mulya ing mangkene

Nanging apa ta piwalese
satuhune sunu mring sang biyung?
Panguman-uman, pisungsunge si putra duraka
Karana kapilu abang lambene kenya,
gagah sentosa lan pideksane priya,
kalenggahan lan gebyare kadonyan,
kang sumorot amung maya sakeplasan

Ewa semana apura, donga,
puji santine ndlidir mbanyu mili,
amrih si putra luwar saka sapu dhendha lan laknatullah

Uga tentrem lan arja
ing sajroning urip kang kebak godha

Patrap jatmika, bekti kasokna kanthi ikhlas,
amrih antuk astawa,
awit atine biyung banget olehe garjita

Aja pisan-pisan nylathuk,
nyenyamah lan nlacap kanthi deksura,
kang mahanani sengkel jroning ati

Lamun kawetu ipat-ipate mbilaeni uga malati,
tangeh bisa karuwat, walat kang kadhung kaucap
Nalikane tan antuk apura kanthi raras riris
kepara bisa njlomprongake ing kanane
ana ing dhasaring mbel kang nggegirisi

Jumat, 09 Januari 2015

ISBAT



ISBAT
Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu ‘pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘katetepan’. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg marang filsafat lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat kejawen, utawa idheologi ‘sangkan paran’.
Tuladha:

golek banyu apepikulan warih
Golek geni adedamar.
Kodhok ngemuli lenge.
Nggoleki galihing kangkung.
Nggoleki isining bumbung wungwang.
Nggoleki susuhing angina.
Nggoleki tapaking kuntul nglayang.
Nggoleki wekasaning langit.

Kamis, 08 Januari 2015

Pawarta



AS RUSALAK GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK

Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatandilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak  pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai PamananMiturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis waninyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak. Ruli ngaku pihake sarwa salahanggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebukewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wismbebayani tumrap warga padesan. kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumumanmarang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombemerga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah basehdening tumindake menungsa. miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhuling taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga.nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampungkanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kayangono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe

Rabu, 07 Januari 2015

pitutur



Pitutur

Wong dhemen dialem iku bodho, nanging ki pujangga enggone ngetog kepinteran perlune mung golek alem. Apa iku pujangga bodho. Ora ngono. Alem kang nyata iku gumebyar, kaya sorotinglintang panjer rina. Dene alem kang ora nyata surem anglamuk pindha mripat kawuwanan, mlolo ora sumurup ing becik. (MB)

TERJEMAHAN: Orang suka dipuji itu tolol, tetapi ki pujangga (maksudnya: Ki Padmasusastra) mengeluarkan kepandaian, tujuannya hanya cari pujian. Apa pujangga tolol. Bukan begitu, pujian yang nyata itu bersinar seperti bintang pagi. Sedangkan pujian yang tidak nyata suram berkabut, seperti orang yang matanya terbuka tetapi tidak bisa melihat. Membelalak tetapi tidak melihat kebaikan

b. Landheping gegaman saka diasah ing wungkal, landheping budi saka gegosokan kawruh, yagene kowe isin takon tiron supaya mundhak kawruhmu, aja malah dhemen kandha angecuwis mung murih dialem pinter, para sujana malah angarani bodho marang kowe.(MB)

TERJEMAHAN: Tajamnya senjata karena diasah dengan batu asah, tajamnya budi karena diasah dengan ilmu. Mengapa kamu malu bertanya supaya meningkat ilmumu? Kamu malah bicara tidak menentu supaya mendapat pujian bahwa kamu pandai. Orang-orang pandai malah mengatakan kamu tolol.

c. Umpak iku wisa mandi, sapa sing kataman umpak: kena, cacad uripe sinebut manungsa bodho, ginaguyu ing para sujana.

TERJEMAHAN: “Umpak” (pujian yang berlebihan tidak sesuai dengan hal yang sebenarnya) adalah racun berbisa. Siapa yang mudah “diumpak” hidupnya menderita cacat yang disebut “orang tolol”, menjadi bahan tertawaan orang-orang pandai.

Ing samubarang gawe ojo sok wani mestek ake, awit akeh lelakon kang kebak sambekalane sing ora biso dinuga tumibane.
Dalam hal apapun jangan terlalu berani untuk memastikan, karena banyak kejadian yg sarat dengan berbagai rintangan yg tak dapat kita duga kapan akan terjadi.

“Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan, “sabar iku kuncining swarga,” ateges marganing kamulyan.
Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan, sama seperti bunyi sebuah peribahasa, berlaku sabar itu adalah “jalan utama” untuk mendapatkan “surga”yang berarti ketentraman dan kedamaian dalam menjalani kehidupan.


  1. “Tansah ajeg mesu budi lan raga nganggo cara ngurangi mangan lan turu”. Artinya Kurangi makan dan tidur yang berlebihan agar kesehatan kita senantiasa terjaga.
  2. “Kawula mung saderma, mobah-mosik kersaning Hyang sukmo”. Artinya Lakukan yang kita bisa, setelahnya serahkan kepada Tuhan.
  3. “Ambeg utomo, andhap asor”. Artinya Selalu menjadi yang utama tapi selalu rendah hati.
  4. “Ora kena nglarani”. Artinya Jangan melukai orang lain.
  5. “Golek sampurnaning urip lahir batin lan golek kusumpurnaning pati”. Artinya Kita bertanggung jawab untuk mencari kesejahteraan hidup di dunia dan akhirat.
  6. “Ala lan becik iku gegandhengan, Kabeh kuwi saka kersaning Pangeran”. Artinya Kebaikan dan kejahatan ada bersama-sama, itu semua adalah kehendak Tuhan.
  7. “Manungsa mung ngunduh wohing pakarti”. Artinya Kehidupan manusia baik dan buruk adalah akibat dari perbuatan manusia itu sendiri.
  8. “Narimo ing pandum”. Artinya Menerima segala rintangan dengan ikhlas.
  9. “Adigang, adigung, adiguno “. Artinya jaga kelakuan, jangan somobong dengan kekuatan, kedudukan, ataupun latarbelakangmu.
  10. “Urip kang utama, mateni kang sempurna”. Artinya Selama hidup kita melakukan perbuatan baik maka kita akan menemukan kebahagiaan di kehidupan selanjutnya.
  11. “Mohon, mangesthi, mangastuti, marem”. Artinya Selalu meminta petunjuk Tuhan untuk meyelaraskan antara ucapan dan perbuatan agar dapat berguna bagi sesama.
  12. “Alam iki sejatining Guru”. Artinya Alam adalah guru yang sejati.
  13. “Gusti iku cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan”. Artinya Tuhan itu dekat meski kita tubuh kita tidak dapat menyentuhnya dan akal kita dapat menjangkaunya.
  14. “Memayu hayuning pribadi; memayu hayuning kulawarga; memayu hayuning sesama; memayu hayuning bawana”. Artinya berbuat baik bagi diri sendiri, keluarga, sesama manusia, makhluk hidup dan seluruh dunia.
  15. “Natas, nitis, netes”. Artinya Dari Tuhan kita ada, bersama Tuhan kita hidup, dan bersatu dengan Tuhan kita kembali.
  16. “Aja mbedakake marang sapadha-padha”. Artinya Hargai perbedaan, jangan membeda-bedakan sesama manusia.
  17. “Rela lan legawa lair trusing batin”. Artinya Ikhlas lahir batin.


Sabar iku ingaran mustikaning laku
Artinya:
Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan
Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip
Artinya:
Sabar itu merupakan sebuah kemampuan untuk menahan segala macam godaan dalam hidup, yg tentunya nanti bisa untuk mendewasakan diri kita masing-masing
Jumbuh karo unine bebasan, sabar iku kuncining swarga, ateges marganing kamulyan
Artinya:
Sama seperti bunyi sebuah peribahasa, berlaku sabar itu adalah “jalan utama” untuk mendapatkan “surga”. Yang dimaksud disini adalah ketentraman dan kedamaian dalam menjalani kehidupan
Nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep
Artinya:
Akan tetapi bukan berarti lalu kita gampang kehilangan pengharapan
Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki
Artinya:
Justru sebaliknya kita harus menjalaninya dengan penuh pengharapan dan seolah-olah mampu untuk mendapatakan apa saja yang ada di dunia ini. Tentunya dengan disertai rasa mawas diri dan kepasrahan