BIYUNG
R. Bambang Nursinggih, S.Sn.
Pangurbanane tan bisa den wilang,
apa maneh tinebus lawan donya saisine
katresnane kasok, tan bisa katandhingake
Lelabuhane ikhlas resik,
sutik njaluk sesulih, apa maneh piwales
Panggulawentahe ora kendhat
wiwit saka kadhutan tumekane dewasa
Prihatine kaluwih-luwih,
amrih sisiwi uripe nemu mulya ing mangkene
Nanging apa ta piwalese
satuhune sunu mring sang biyung?
Panguman-uman, pisungsunge si putra duraka
Karana kapilu abang lambene kenya,
gagah sentosa lan pideksane priya,
kalenggahan lan gebyare kadonyan,
kang sumorot amung maya sakeplasan
Ewa semana apura, donga,
puji santine ndlidir mbanyu mili,
amrih si putra luwar saka sapu dhendha lan laknatullah
Uga tentrem lan arja
ing sajroning urip kang kebak godha
Patrap jatmika, bekti kasokna kanthi ikhlas,
amrih antuk astawa,
awit atine biyung banget olehe garjita
Aja pisan-pisan nylathuk,
nyenyamah lan nlacap kanthi deksura,
kang mahanani sengkel jroning ati
Lamun kawetu ipat-ipate mbilaeni uga malati,
tangeh bisa karuwat, walat kang kadhung kaucap
Nalikane tan antuk apura kanthi raras riris
kepara bisa njlomprongake ing kanane
ana ing dhasaring mbel kang nggegirisi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar