Kamis, 08 Januari 2015

Pawarta



AS RUSALAK GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK

Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatandilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak  pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai PamananMiturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis waninyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak. Ruli ngaku pihake sarwa salahanggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebukewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wismbebayani tumrap warga padesan. kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumumanmarang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombemerga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah basehdening tumindake menungsa. miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhuling taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga.nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampungkanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kayangono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar