Sabtu, 03 Januari 2015

Geguritan " Utegku…Utegmu "

Utegku…Utegmu
R. Djoko Prakosa

Utegku,,,utegmu…sawise Nandang lara
judheg sawetara wektu
Mikir gaweyan, politik, lan ekonomi sing
semrawut…..
Ni dakjampeni….
Utegku…utegmu….Sing mbedhedheg
judheg kagubel ballada cinta segi tiga tekan
perselingkuhan heksagonal,… Katresnan-
katresnan sing apaes kembang gambar
prawan-prawan bukak kotang Lan suwal….
Dzikire jaman-dzikire kahanan mbabar
gambar Minthi-minthi laki rabi sak margi
margi….Ni…dakjampeni
utegku….utegmu nganggo bratawali aran
Pil ekstasi….nguntal babu….mapa turu
kanthi sabu-sabu.(utegmu-utegku….perlu turu)

(dalam antologi Layang Saka Kekasih)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar