Selasa, 06 Januari 2015

Jinining Ukara



Jinining Ukara ana 4, yaiku:

1. Ukara Andharan/ukara cerita (kalimat berita)

Apa pengertiane ukara (kalimat) andharan ? kalimat andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan .
Tuladha :
a. Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
b. bapak tindak dhateng kantor

2. Ukara pitakon (kalimat tanya)

Apa sing dimaksud ukara pitakon ? Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.
Tuladha :
a. Sampeyan mundhut napa?
b. Bapak dhahar apa?

3. Ukara pakon (kalimat perintah)

Apa sing dimaksud ukara pakon utawa kalimat perintah ? Ukara uakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.
Tuladha:
a. Ngaliha!
b. Sinau sing sregep!

4. Ukara Panguwuh (kalimat seru)

Apa sing dimaksud ukara panguwuh urawa kalimat seru ? Ukara panguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembun panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah,dll.
Tuladha:
a. Horee.. aku oleh biji satus !
b. wow, apike montore !

1 komentar:

  1. Coin Casino Canada Review ᐈ €10 No Deposit Bonus
    Coin Casino Canada Review. Find the latest bonus codes & offers. All you 온카지노 need to know about the online หาเงินออนไลน์ casino. 인카지노 Rating: 4 · ‎Review by Casinoowed.com

    BalasHapus