Rabu, 07 Januari 2015

cerkak



Ngebun-Ebun Enjang, Njejawah Sonten

            Bocah wadon siji iki jenenge Nina purwanti, sing biasane diundang Nina ing saben dinane. Bocah sing lagi wae lulus kuliyah iki manggon sak omah karo simbahe lan mbak yu ponakankan sing jenenge Murniati, anake budhene. Sing wis dianggep kayak mbakyune dhewe. Amarga bapak lan ibune merantau ana ing Sumatra kango luru dhuwit. Amarga lagi wae lulus kuliyah S1 jurusan Pendidikan neng Semarang, dheweke saiki wis isa magang ngajar ana ing salah sijine SMA swasta sing ana neng Pati lan neng salah sijine SMP sing ana neng kecamatanne. Yaiku kecamatan Winong.
            Neng desa Pule, bocah sing urung kawin mung dheweke. Yen dikarepke uwong lanang mesthi urung gelem. Amarga esih pengin kerja dhisik. Iki wayahe liburan sekolah. Saben esuk ora ketinggalan, mesthi nyapu ngarep omah. Busar nyapu nyirami kembang sing padha mekar neng ngarep omah. Ana salah siji pemuda sing karep karo dheweke. Pemuda iki jenenge Kurniawan. Dheweke uga akrab karo Nina. Kadhang-kadhang ya dolan neng omahe Nina.
            Nyambi ngrungoke musik, Nina leren sedhela. Lungguh neng lungguhan sing ana ing ngarep omah. Ujuk-ujuk hpne muni nanndakna yen ana sms. Dheweke langsung bukak, niliki kuwi sms saka sapa. Mbareng dibukak, kuwi sms saka Kurniawan sin isine, “ sugeng enjing dek? Nembe napa neke?”
            Karo guya-guyu Nina balesi, “ menika nembe bubar nyapu mas.”
            “ aku arep nelpon sampeyan isa ora dek? Lagi sibuk ora?”
            “ boten kok mas. Menika nembe leyeh-leyeh.”
Ora let suwe,ora ana balesan saka Kurniawan, nanging hpne muni nandakna yen ana panggilan masuk. Cepet-cepet olehe ngangkat, “ halo, assalamualaikum?”
            “waalaikumsalam..,” suwarane bocah lanang sing ora liya yaiku Kurniawan.
            “ piye mas? Ana apa?”
            “ ora apa-apa dek. Iki lak ya lagi liburan sekolah ta dek?”
            “ inggih ms. La piye?”
            “ dolan-dolan yok dek? Dolan nang ngendi ngono. Kan lumayan liburan sekolah telung minggu kanggo dolan.”
            “ arep dolan neng ngendi mas?”
            “ penginmu neng ngendi dek?”
            “ embuh mas, aku ya ora ngerti”
            “ aku mengko jam sanganan tak dolan neng omahmu ya dek?”
            “ la arep ngapa mas?”
            “ ya donlanan ah dek. Entuk apa ora?”
            “ iya mas. Wis dhisik ya mas. Aku arep ngresiki omah dhisik. Mengko yen arep mara angger sms ya mas?”
            “ iya dek. Mengko tak kabari. Assalamualaikum?
            “ waalaikumsalam.” Hp dipateni. Ditutukna olehe ngrungoke musik. Nina langsung mlebu omah lan resik-resik panggonan sing ketoke esih reget.
            Rampung resik-resik omah, dheweke mlebu kamar njipuk andhuk lan langsung mlaku tumuju padusan. Bubar adus dheweke langsung dandan kayak biasane. Amarga liburan sekolah, dadi ya ora miikir ngajar. Bubar dandan,  dheweke langsung sarapan neng ngarep tv. Ora let suwe ana tamu, sing ora liya Kurniawan.
            “ Assalamualaikum..??” suwara saka njaba omah.
            “ waalaikumsalam,” Nina langsung metu lan nyelehake piringe sing esih ana segane separo neng meja cedhak tv.
            “ eh mas Iwan. Rene mlebu mas. ” Semaure Nina. Iwan kuwi jeneng undangan akrabe Nina marang Kurniawan.
            “ iya dhek.” Langsung mlebu ngetutake Nina sing tumuju neng ngarep tv.
            “ aku lagi mangan mas. Sampeyan mangan mas?” nawani nyambi njipuk piring sing neng dhuwur meja.
            “iya dhek. Uwis.” Nyambi nonton tv. Dheweke ndeleng-deleng baran sing ana neng ngarep tv.
            “ iki kerajinanmu dhek?” nduduhake kerajinan sing dimaksud.
            “ inggih mas. Apik ora mas?”
            “ apik kok. Wong aku ora isa gawe (nguyu). Iki saka apa benang apa dhek?”
            “ benang rajut mas.”
             berarti jenenge ngrajut dhek?”
            “ inggih mas.”
“ iki rak ya njait barang ta dhek?”
“ iya dijait nganggo tangan biasa mas. Manual. Sampeyan kok mrene mau arep ana apa mas?”
            Urung sempet mangsuli pitakonne Nina, simbahe Nina mbah Minah metu saka pawon. Lan nakoki Kurniawan, “ lo kowe mau le sing neng kene. Wis suwe leh neng kene?”
            “ nembe mawon kok mbah. Saking pundi mau mbah?” wangsulane Kurniawa nyambi ngadek lan salaman karo mbah Minah.
            “ ya wis, tak tinggal sek ya? Ja kono padha jagongan.” Langsung lunga metu omah.
            “ inggih mbah.”
Kira-kira rong jam olehe guyonan neng ngarep tv. Pandom jam wis nunjukake neng angka sewelas lewat lima. Nina sing nutukna ngrajut karo dikancani Kurniwan neng ngarep tv katon sepaneng banget. Kurniawan sing ngelengke langsung ngomong,
“ aja sepanen ta dhek..” nguyoni Nina
“ hehehehe.. la piye mas?” ngguyu karo njetung.
“ la mbak Murni neng ngendu dhek?( clingak-clinguk) Kok aku wiwit mau ora weruh.”
“ wonge nembe nyemarang  ndhek esuk jam papat mas. Jare sih ana perlu, ana penting telung minggu.”
“ e.. ngono ta dhek. La layak kok awakmu sing resik-resik omah kabih. (Langsung meneng sdehela lan nutukke omonge) dhek aku rep ngomong tenanan ki ambi awakmu.” Suwasana dadi sepaneng. Nina sing mau fokus karo rajutanne, dadi fokus marang Kurniawan.
“ nomong apa mas? Kok kayake serius tenan?”
“ ngene lo dhek. Aku ki esih kepikiran marang awakmu dek. Aku rung isa seneng karo wong liya saliyane awakmu.”
“ kuwi ndak apa ta mas? Omongane kok ngono lo.” Mansuli karo ngguyu.
“ iki aku tenanan dhek. Ora ethok-ethok. Aku ki wis gedhe. Kowe ya wis rampung olehmu pendidikan, wis kerja. Aku ya padha ae wis kerja. Yen omah-omah ya Alkhamdulillah isa nyukupi, isa ngragati  kowe dhek. Yen lowe tak Lamar ngono gelem ora dhek?”
“ he? (kaget banget). Iya mas, aku ngerti. Nanging...” urung tutuk olehe mangsuli wis dipedot karo Kurniawan.
“ ngene lo dhek. Wong tuwamu, wong tuwaku ya wis padha-padha ngerti. Kowe ya wis kenal, wis akrab karo aku ya wis suwe. Aku pengin isa membina kluwarga karo kowe dhek. Aku mendhem rasa iki ya kira-kira sepuluhan taun dhek marang awakmu. Nanging lagi ini aku isa gomong sing jujur karo awakmu. Perasaanmu marang aku kepriye dhek?” takoke temenanan.
“ jujur, aku ya seneng karo sampeyan mas. Kenapa aku ora gelemyen dikarepke uwong, aku ngenteni awakmu ngomong iki neng aku mas. Ya pancen bener pituture wong Jawa ms. Yen witing tresna jalaran saka kulina. Aku karo kowe iki lak ya wis asring ketemu, dolanan ya wong loro. Saka pakulinan kuwi aku nduwe rasa karo sampeyan mas.”
“ la teru piye dhek? Apa kowe gelem tak lamar? Aku wis gomong karo wong tuwaku, yen ta kowe gelem. Wong tuwaku lan won tuwamu bakal rembugan kanggo mbahas dina becik dhek.”
“ aku rung isa menehi kepastian saiki ya mas. Aku rembugan karo wong tuwaku sek.”
“ iya dhek. Tak tunggu kabare ya dhek.”
“ iya mas. Mengko aku tak nelpon ibuku mas.”
Bubar omong-omongan sing serius lan gawe sepaneng kuwi mau, Kurniawan pamitan mulih lan Nina neruske olehe ngarajut. Nalika ngrajut dheweke kelingan yen esih nduwe gratisa telpon sejam. Dheweke langsung jipuk hp, diluru nomere ibune lan ditelpon.
“tuuuuuuuut...,tuuuuuuuuuuuuut....,tuuuuuuut.., “ suwara nada sambung nalika telpon. Ora let suwe ana suwara wong wedok sing ora liya kuwi ibune Nina.
“ halo?” suwara saka telpon.
“ halo buk? Buk aku arep nomong penting.”
“ ngomong apa ndhuk?””
“ ngene buk. Iki mau mas Iwan, mas Kurniawan mara dolan rene. La wonge ngomong yen wonge kuwi seneng aku, karep karo aku. Yen ibu piye? Wonge arep nglamar aku bu. Ibu setuju apa ora?”
“ ya iku gari awakmu nduk. Nek awakmu seneng ya ora apa-apa. Engko aku rembugan karo bapakmu lan wong tuwane Iwan neng kene kanggo luru dina apik. Kowe ya wis kerja, wis rampung olehmu pendhidhikan.”
“ aku ya gelem bu.” Karo nada seneng.
“ ya wis, sesuk nek ora bar sesuk tak kabari maneh kapan lamarane. Sok bapak lan ibu bali omah.”
“inggih bu...” lanjut olehe telponan lan bahas perkara liya.
Kira-kira sak ejam olehe telponan karo ibune. Bubar telponan, Nina seneng banget atine. Raine katon abang mbranang amarga saking senenge.
Kabih wis direncanakake. Tanggal lan dina lamaran ya uwis ditemtokake. Nina lan Kurniawan atine bombong banget. Rongminggu sawise telponan kuwi, bapak ibune Nina lan bapak ibune Kurniawan sing padha-padha merantau ing Sumatra balik Pati, balik omah kanggo acara lamaran kuwi. Kabig barang sing arep dikanggoke nalika lamaran uga wis disiapke.
Setu sore, keluargane Kurniawan mara neng omahe Nina lan ngomong “ kula badhe Ngebun-ebun Enjang, Anjejawoh Sonten maranglarenipun pak Warno. Menapa kersa, menapa boten?” takonane wakil saka pihak Iwan.
“ inggih, kula minangka wakilipun saking kulawarga bapak Warno nerima lamaran saking panjenengan.”
Wiwit saka kuwi, Nina lan Kurniawan wis resmi tunangan. Panjenengane padha seneng bnget. Wiwit saka lamaran kuwi Nina asring dolan neng omahe Iwan. Semono uga Iwan. Uwong loro kuwi gari mikir luru dhuwit kanggo bebrayan. Kanggo nyukupi mbesuk yen wis kawinan. Miturut leluruhue neng desa Pule kuwi, yen wong kawinan kudu diarak ngubengi punden supaya kawinanne lancar.Kuwi ya mbutuhake wragat sing akeh. Dadi uwong loro mau padha-padha nabung sing akeh supaya mbesuke ora bingung luru biaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar