Senin, 05 Januari 2015

Cerita Jawa

Semar Mbangun Kahyangan

Nalika semana, ana rapat antarane Prabu Yudhistira utawa Puntadewa karo sedulur-sedulure ana ing kraton Amarta.  Ing rapat kuwi bahas bab kenapa yen bangun kerajaan mesthi longsor. Nalika kuwi, Semar ora teka. Gara-gara kuwi  sing dadi sebabe kenapa kok yen bangun kerajaan mesthi longsor. Raja Dwarapati yaiku Bathara Krisna teka, takon kenapa Semar ora teka ing rapat kuwi. Kanggo kuwi, Arjuna diutus supaya ngundang Semar saka Karangkabuyutan supaya ngadhep ana ing Amarta.
Nalika Arjuna arep lunga saka Amarta, Petruk mara ing rapat kuwi. Dheweke diprentahi Semar supaya ngundang para pandhawa supaya mara ing Karangkabuyutanlan gawa telong gaman (pusaka) kanggo ngrewangi Semar mbangun Kahyangan.
Arjuna ngadek saka palungguhane langsung marani Petruk. Ning kono ana adu padu antarane Arjuna karo Petruk.Arjuna ora ngijini para pandhawa teka ning Karangkabuyutan. Arjuna ngomongi Petruk lan ngucap omongan sing ora apik. Kanggo nunggu keputusan saka pandhawa, Petruk dikon metu saka paseban lan ngenteni ning jaba paseban.
Nalika Petruk ngenteni ning jaba paseban, dheweke ketemu karo Antasena anake Bima sing kaping telu terus diceritake kedadean apa sing ana ning paseban. Antasena janji bakal ngewangi Petruk ngadhepi masalah kuwi.
Nalika Kresna krungun yen Semar bakal mbangun kahyangan ngajak Arjuna ning Suralaya kanggo nglaporake ing Bathara Guru nanging ya mrentahi Gatotkaca, Antareja, lan Setyaki  kanggo ngusir Petruk supaya balik ning Karang Kabuyutan.
Nalika padha bingung amarga panjaluke Semar sing ora mungkinn kuwi,dumadaan telung  pusaka mletik (melesat) ska panggonane mara ing Karang Kabuyutan. Meneng-meneng telung sedulur mau lunga ning Karang Kabuyutan lewat lawang mburi. Gatotkaca, Antareja, lan Abimanyu sing ngusir Petruk ya ora isa ngalahke Petruk.
Tekane ning Suralaya Kresna ngadhep Batara Guru  ngaporake yen Semar bakal mbangun Kahyangan nandhingi Suralaya. Krungu kabar kuwi Batara Guru ngongkon Batari Durga lan Batara Kresna kanggongalangi rencana Semar kuwi.
Ana ing Karangkabuyutan Semar nerima Prabu Yudistira,Bima Nakula lan Sadewa barengan karo telung Pusaka Kraton Amarta yang sing luwih dhisik teka bareng Petruk lan putra putra Pandawa. Nanging Semar kuciwa amarga mung patang sedulur sing teka. Semar gawe ritual terus patang sedulur kuwi dilebokake dadi siji ana ing jero awake Semar.
Jebule ning jero awake Semar ana Sanghyang Wenang sing menehi petunjuk wejangan urip lan ilmu sing paling penting kanggo para Pandawa lan mrentah supaya bertapa sepuluh dina suwene kanggo patang sedulur mau.
Nalika kuwi, Semar ngamuk karo Kresna amarga dadi ratu kok ora isa waspada. Semar ya ngamuk karo Batara Guru. Akih pusaka sing glawan Semar nanging ora ana sing isa nglumpuhke Semar. Dheweke ngobrak abrik Suralaya, Batara Guru lunga lan ndhelik ana ing Karangkabuyutan. Dheweke  jaluk lindungan karo para sedulure lan jaluk ampun karo Semar.

Semar ngamuke wis rada isa diatasi lan ngampuni Betara Guru lan Betara Guru balik ning Suralaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar