Urut-Urutaning Kawinan adat Jawa
Tatacara kawinan Adat Jawa (Jawa Tengah) inking sepisan yaiku
Upacara Siraman
Proses kawinan sing
sepisan yaiku Siraman sing dilakoni kanggo ngersiki jiwa lan raga sing biasane
dilakoni sadurunge ijab kobul, dijantutake Midodareni, yaiku malem keloro
antarane lanang lan wadon wis resmi bebojoan, wis ora lajang maneh. Acara
Midodareni iki dilaksanakake ning omahe pengantin wadon. Langsung dilanjutke
Upacara Panggih.
Upacara Panggih
Upacara Panggih utawa Temu
Manten, biasane dilaksanakake sawise akad nikah. Iring-iringan pihak penganten
lanang gawa kembang mayang sing digawa loro manggolo karo iring-iringan
penganten wadon nggawa kembang mayang sing digawa loro domas. Kembang mayang
sing digawa pihak lanang mau bakal diijolake karo kembang mayang sing digawa
saka pihak puri. Domas lan manggolo yaiku 2 pasang remaja sing urung nikah.
Kembang mayang yaiku loro
rangkaian hiasan sing digawe saka godong yaiku godhong kelapa (janur), sing
dicublekna ning wit gedhang sing isih nom, janur mau ditata digawe kaya bentuk
gunug, keris,pecut (cambuk), payung, walang, karo manuk. Kembang mayang saka
pihak lanang dinggo dekorasi, kembang mayang saka pihak wadon digawa metu saka
omah terus diuncalke ning dhuwur omah utawa ning kentheng, kuwi nandakake yen
wis resmi bebojoan lan kanggo ngilangke
sengkala.
Sawise kuwi ana ning upacara iki ana ritual sing kudu dilakoni yaiku,Balang
Suruh
Kira-kira jarak 3 meter
pengenten lanang lan wadon padha-padha buwak utawa nguncalke sirih sing
ditaleni nganggo bolah (benang). Godhong sirih kuwi lambang perjodohan sing wis
ditaleni nganggo tali suci.
Wiji dadi
Penganten lanang ngidaki
endhog pitik nganti pecah, terus penganten wadin bakal ngresiki sikil bocah
lanang nganggo banyu kembang. Selanjute penganten lanang nggandheng penganten
wadon kanggo ngadek ning sandhinge.
Proses iki nglambangake
yen wong lanang bertanggung jawab karo keluwarga lan wong lanang sing
taatnglayani wong lanang. Sinduran.
Sinduran yaiku semacem
selendang sing warnane abang, pinggre ana lerek-lereke putih. Sindur iki
dikemulke ning pundhake penganten lanang lan wadon, sing ngemulke yaiku ibu
saka penganten wadon. Terus bapak saka penganten wadon nyekeli pinggir-pinggire
selendang lan nggeret (menarik) penganten alon-alon ngarah ning pelaminan
(kursi nganten), ibu saka penganten wadon nyekeli bahu keloro pnganten,
ngiringke ning mburine.
Bobot Timbang
Yaiku keloro penganten
lungguh ning pangkuane bapake bocah wadon kanggo tanda kasih sayang wong tuwa
marang anak lan mantu.
Kacar-kucur/ Tampa kaya
Yaiku penganten lanang
menehake lambang harta sing disorke ning pangkuane penganten wadon sing ngisore
dialasi kain, lambang kuwi isine ana beras, biji-bijian, lan dhuwt receh sing
dadi simbol rejeki sing melimpah. Diusahake aja nganti kecer, yen nganti kecer
kuwi nyilbolake yen pemboros. Dilanjutake penganten wadon menehi lambang harta
ding ditaleni marang ibune, kuwi duweni maka sing simbolis awujud baktine anak
menehi wong tuwa nalika lagi butuhake.
Dahar Klimah / dahar kembul dan ngunjuk tirto wening
Yaiku acara
dulang-dulangan. Penganten lanang ndulang penganten wadon semono uga penganten
wadon iya ndulang penganten lanang, kuwi nyimbolake yen wong loro kuwi bakal
urip bareng nalika seneng utawa susah.
Sungkeman
Keloro pengantin sujud
jaluk donga/restu saka wong tuwa. Sings sepisan bapak lan ibune penganten
wadon, langsung marang bapak ibune penganten lanang.
Iki dadi tanda baktine
anak marang wong tuwa amarga wis dirawat nganti dewasa, penjaluke anak marang
wong tuwa supaya kesalahane isa dingapurani dan jalok doa restu supaya nalika
bebojoan isa seneng lan sejahtera.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar