Rabu, 31 Desember 2014

berita



Raffi Ahmad & Nagita Slavina



Raffi Ahmad lan Nagita Slavina yaiku pasangan selebriti sing terkenal sugih. Minggu-minggu iki berita sing paling akeh diberitakake ana ini tv yaiku babagan adhicara kawinane wong loro mau. Jarene nalika adhicara kawinan kuwi Nagita karo Raffi nglakoni sing jenenge Siraman. Siraman yaiku Siraman sing dilakoni kanggo ngersiki jiwa lan raga sing biasane dilakoni sadurunge ijab kobul, dijantutake Midodareni, yaiku malem keloro antarane lanang lan wadon wis resmi bebojoan, wis ora lajang maneh. Acara Midodareni iki dilaksanakake ning omahe pengantin wadon. Langsung dilanjutke Upacara Panggih.
Keluwarga iki nganggo adat Jawa lan Adat sunda. Nalika resepsi, Raffi lan Nagita ngundang kanca-kancane lan kerabate kira-kira rongewu luwih. Adhicara resepsi iki uga dimeriahke karo anane band Kahitna. Ana ing adhicara iki, Syahrini lan Ayu Dewi kanca cedhake Raffi lan Nagita uga melu nyanyi.
Nalika resepsi iki, keloro penganten katon ayu lan bagus. Lanange lan wadone padha-padha mangklingi.
Saka kanca-kanca sing paling cedhak karo Raffi. Raffi menehi kado mobil sing regane nganti miliyaran. Yaiku 10 miliyar. Raffi uga entok kado jam tangan sing regane nganti 580 Juta rupiyah.  Kuwi kado sing mewah-mewah banget.  Kuwi durung kado-kado sing liya-liyane.
Sawise Resepsi ana ing Jakarta. Raffi lan Nagita gawe acara ana ing Bali, ngajak kanca-kanca kerabate. Kanca-kancane kuwi uga dibayari numpak pesawat nalika berangkat menyang Bali. Bareng-bareng karo Nagita, Raffi, lan keluwarga. Raffi mbayari kira-kira wing 200 luwih. Nentekna dhuwit samiliyar luwih. (http://www.liputan6.com/tag/raffi-ahmad )

sesorah



Asslamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, kanca saha adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan.

Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar.

Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sareng kanca nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan kanca-kanca nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.

Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.

Kula sakanca kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun kanca kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.

Mboten kantun ugi kula dalah kanca kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kuao matur saha sisip sembiring atur, kula minangka wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Cangkriman



Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan.

a). Cangkriman wancah (cekakan), tuladha (contoh) 
  1. Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  2. Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  3. Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  4. Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
  5. Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
  6. Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
  7. Yumaerong : yuyu omahe ngerong
  8. Suru bregitu : asu turu di bregi watu
  9. Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
  10. Nasgithel : Panas, legi, kenthel


b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :

  1. Pitik walik saba kebon ( nanas )
  2. Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )
  3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )
  4. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ( kates )
  5. Emboke di elus elus anak di idak-idak ( andha )
  6. Gajah nguntal sangkrah ( pawon )
  7. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil )
  8. Kebo bule cancang merang ( buntil )
  9. Disuguh opak angin ( ora disuguhi apa-apa )
  10. Anake gelungan ibune ngrembyang ( pakis )
  11. Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )
  12. Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  13. Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon ( dom / jarum).
  14. Wit adhikih woh adhakah   ( waloh )
  15. Wit adhakah woh adhikih  ( ringin )
  16. Emboke wuda, anake tapihan ( pring )
  17. Dikethok malah dhuwur ( celana )


c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :

  1. Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
  2. Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
  3. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
  4. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
  5. Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)

Selasa, 30 Desember 2014

RESENSI BUKU “Wewadi Alas Pejaten”

RESENSI BUKU
“Wewadi Alas Pejaten”

1.      Identitas Buku:
Penulis                                     : C. Is Sarjoko
Tahun Penerbit / Terbit           : 2012
Tebal Buku                              : 86 Halaman
ISBN                                       : 978-979-185-388-0
Dimensi                                   : 14,5 X 21
Jenis kertas                              : Keras Putih

2.      Sinopsis:

            Buku iki nyeritakake babagan kadurakan sing wis dilakoni karo wong lanang sing jenenge Budi Angkoro. Budi Angkoro wis pirang-pirang dina iki katon kakehan pikiran. Sajak ana masalah sing isih ganje ana ing pikirane sing katon abot banget. Yen diomongi bojone meneng wae, yen dicedhaki malah ngamok, dikongkon mangan ora didemok blas. Kangone bu Angkoro kuwi ya wis biasa. Amarga yen pak Budi teka saka kerja mesthi tingkahe ya kayak ngono. Budi Angkoro ngakune karo bojone kerjane dagang material lan liya-liyane. Nanging sejatine bu Angkoro ora ngerti apa kerjane pak Budi Angkoro.
            Budi Angkoro kelingan kedadeyan rongpuluh taun kepungkur nalika dheweke lan kanca-kancane lagi nyolong kayu ana ing alas ejaten. Nalika semana, Budi Angkoro lagi ngrampok kayu ing jero alas pejaten. Nalika dheweke lan anak buahe lagi ngrampok dhewe krungu yen Ana komandan alas sing anyar jenenge Dibyo. Wonge kerep anggone nganakake patroli. Bengi kuwi nalika ngrampok kayu ing alas, ndelalah ana patroli. Rumangsa dadi pemimpin, Budi Angkoro langsung menehi aba-aba kanggo anak buahe supaya padha luru aman. Nalika Budi Angkoro lagi ndhelik ana ing grumbulan dheweke krasa aman. Nanging amarga saking gugupe amarga patroli, grumbulan sing dienggo ndhelik Budi Angkoro mau obah-obah kena awakke. Komandan Dibyo langsung nembak ing arah grumbul. Peluru sing metu saka pistol mau ngenani lengenne Budi Angkoro. Dheweke mung isa pringas pringis mbetahke lara. Getih ngucur saka lengenne.Saka kedadeyan kuwi, Budi Angkoro niteni komandan Dibyo. Dheweke bakalan mbales apa sing wis dilakokake komandan Dibyo marang dheweke.
            Sawise kedadeyan kuwi, Budi Angkoro ora bisa lali. Wis ana rong taun lawase komandan Dibyo ora ana kabar. Saiki dheweke wis nduwe bojo lan nduwe anak siji lanang sing lagi wae lairan. Saiki komandan Dibyo ditugaske ana ing desa Kedhung Jati supaya ngawasi lan ngayomi para warga desa. Dheweke tuku omah neng kono, bojone sing wis arep babaran digawa menyang desa Kedhung Jati. Sore iki lagi wae bojone komandan Dibyo mentas babaran. Uba rampe sing dienggo acara lairan, wong-wong sing mara uga lagi wae padha mulih. Komandan Dibyo sayah, dheweke turu ana ing kursi dawa sing ana ing ruang tamu. Neng kamarana bojone sing turu karo ngeloni anake.neng ngarep tv ana wong wedok sing umure wis tuwa lagi turu. Saking kesele, lawang omah ora sempet ditutup.
            Ora suwe olehe nggoleki omahe komandan Dibyo, Budi Angkoro nemoke omahe. Dheweke lan anak buahe lansung mlebu omah. Anak buahe langsung jipuki barang-barang sing aji. Kanthi tekat sing temenanan, golok sing dicekeli kuwi langsung dienggo nggorok gulune komandan Dibyo. Budi Angkoro wis lega rasane yen wis isa mateni komandan kuwi. Dheweke langsung mlebu kamar. Neng amben kuwi ana wong wedok sing lagi turu ngeloni anake ya si jabang bayi, ora liya kuwi anak lan bojone komandan Dibyo. Wong wedok kuwi langsung diglebakke lan digorok gulune. Amarga saking kepingine nduwe anak, weruh jabang bayi sing lagi turu pules kuwi, Budi Angkoro langsung nggendhong jabang bayi abang kuwi lang digawa metu saka omah. Anak buahe wis padha ngenteni ana ing jero mobil. Budi Angkoro mlebu mobil karo nggendhong jabang bayi.
            Jabang bayi mau diwenehke bojone. Bojone Budi Angkoro seneng banget. Amarga saking kepingine nduweni anak. Ngakune Budi Angkoro, bayi kuwi anake kancane sing wis ditinggal mati karo bapak ibune, terus dejaluk dheweke lan dikon ngurus kaya dene anake dhewe. Mbok Angkoro seneng banget diwenehi bayi abang kuwi. Dheweke bakalan njaga, ngrawat bayi kuwi kayak anake dhewe. Bayi kuwi diwenehi jeneng Prabowo.
            Jabang bayi mau saiki wis gedhe, bayi mau saiki wis gedhe. Wis metu saka pendhidhikan kepolisian. Budi Angkoro ora nyangka yen Prabowo duwe kepinginan sing padha karo bapake Dibyo. Kepingine dadi polisi gedhe banget. Prabowo uga sayang karo Budi Angkoro lan bu Angkoro. Bektine kaya dene marang bapak lan ibune kandung, senajan durung ngerti yen dheweke dudu anak kandunge. Budi Angkoro lan bu Angkoro uga sayng marang Prabowo kayak anake dhewe.
            Saben bubar panen warga desa Kedhung Jati janji bakal nganakake bersih desa. Bersih desa iki mesthi ana tayub sing dianakake ana ing bale desa. Kabeh warga desa Kedhung Jati mesthi padha nonton. Bu Angkoro uga melu nonton tayub. Amarga tugase dadi polisi, Prabowo uga melu ngawasi ing tayuban kuwi supaya njaga keamanan nalika adhicara tayuban kuwi kalaksanakaken. Prabowo seneng karo salah siji penari tayub kuwi. Wong wedok kuwi jebolan saka SMKI saka kutha. Jenenge penari kuwi yaiku Prananti. Prabowo seneng banget isa ketemu karo wong sing ditresnani. Dheweke kapengin nonton Prananti nari, nanging amarga komandan Jatmika menehi tugas kanggo dheweke lan kanca-kanca polisi liyane, dheweke ora isa milih. Dheweke luwih milih tugas amargatugas kuwi wajib.
            Amarga saben ana tayub, mesthi ana wit jati singilang. Mesthi apa perampokan kayu jati ing jero alas Pejaten. Amarga masalah kuwi pak Jatmika menehi aba-aba karo anak buahe kabih supaya sejumlah anak buahe kuwi dibagi loro. Ana sing ngawasi ing tayuban lan ana sing patroli menyang alas pejaten. Prabowo kebageyan patoli menyang alas. Kabih pasukan polisi sing wis entok tugas dhewe-dhewe padha nglakoni tugase. Prabowo lan kanca-kanca polisi sing ditugaske patroli langsung menyang alas Pejaten. Patroli wis diwiwiti Prabowo lan kanca-kancane sing ditugasi gawe rencanalan dibagi ing jero alas pejaten.
            Nalika lagi patroli ketemu wong telu sing lagi kluyuran neng jero alas. Nalia ditakoni apa prelune, nakune arep nonton tayub nanging malah nyasar tekan alas pejaten. Prabowo ngongkon wong telu mau mulih. Para polisi sing weruh wonng telu mau curiga yen wong telu mau rampok sing biasane ngrampok ing alas pejaten. Nalika patroli para polisi nangkap para begundhal sing bisane ngrapok kayu jati kuwi. Nalika padha disergap lan dikumpulke, ana salah sijibegundhal sing arep mlayu. Amarga bektine, tanpa pikir dawa Prabowo langsung nembak si begundhal sing mlayu kuwi. Peluru saka pistol sing ditembakna Prabowo kuwi ngenani sikile begundhal kuwi. Begundhale kuwi langsung tiba lan mbetahke lara. Prabowo langsung lunga amarga oleh komando saka komandan supaya ngamanke sing liyane.
            Omah sepi. Neng omah mung ana mbok Ankoro lan Prabowo sing isih turu. Pak Dhukuh Sastra mara ning omahe mbok Angkoro kanggo menehi layang saka komandan Jatmika kanggo Prabowo. Amarga Prabowo urung tangi saka turune, layang mau dititipke mbok Angkoro supaya mengko diwenehke Prabowo yen dheweke wis tangi. Ora let suwe, Prabowo tangi lan langsung mlebu pawon nyidhuk sega. Amarga wetenge krasa luwe. Mbok Angkoro menehake layang singtampa mau. Prabowo maca surat mau. Sawise maca surat kuwi dheweke langsung cepet-cepet lunga menyang kantor. Satekane kantor, Prabowo langsung nggoleki pak Jatmika.
            Prabowo ora nyana yen sing ditembak bengi kuwi bapake, Budi Angkoro. Prabowo langsung mara menyang rumahsakit. Neng rumahsakit ana bu Angkoro sing nangis. Budi Angkoro sing lagi turu lan pringas-pringis lan nangis mbetahke lara. Prabowo kaget lan langsung ngrangkul mbok Angkoro. Nalika Prabowo mlebu ruang rawat, dhweke langsung ngrangkul bapake sing lagi wae sadar. Budi Angkoro jaluk ngapura karo Prabowo amarga wis nglakoni salah, wis ndadekake isin sakeluwarga. Mbok A ngkoro lan Prabowo ora nyangka. Amarga apa sing dilkoni kuwi, Budi Angkoro dipenjara. Dheweke neng penjara sambi ngertenikeputusan saka pengadilan.
            Ing dina liya Prabowo dolan menyang omahe Prananti. Amarga wis rong minggunan ora ketemu, atine Prabowo krasa kangen karo kekasihe. Ora ewuh-ewuh Prabowo mara dolan neng omahe Prananti. Neng omahe Prananti uga ana simbahe. Prananti lan Prabowo jagongan karo simbahe. Sejatine, Prananti arep dijodhohake karo Trisna, kancane Prabowo. Nanging Prananti ora gelem, amarga dhewe mung nganggep Trisna kuwi kayak kakangne dhewen lan amarga dheweke uga wis seneng karo Prabowo.
            Budi Angkoro disidang ing pengadilan. Bu Angkoro lan pak lurah uga melu teka ing pengadilan kanggo dadi saksi. Nalika ing pengadilan Budi Angkoro ditakoni apa wae sing teu dilakoni. Budi Angkoro nyeritakake apa sing dilakoni, kalebu mateni komandan Dibyo lan bojone, uga nyeritakake nalika jipuk anake komandan Dibyo sing lagi lair. Bayi kuwi dirawat dan digedhekake nganti saiki. Jabang bayi kuwi ya Prabowo kuwi. Dheweke uga nyeritakake nalika dheweke ngrampok kayu jati ing alan pejaten. Dheweke lan kanca-kancane dikongkon karo wong sing jenenge Drembo. Dheweke diiming-imingi bakal diwenei dhuwit yutanan yen gelem nyetorake kayu jati sing cacahe ewonan kanthi wektu sing wis ditemtokake. Sejatine dheweke lan kanca-kanca begundhale ora ngerteni sapa iku Drembo. Ngertine dheweke isa nyetorake kayu sing jumlahe wis ditemtokake kuwi lan bisa kasil dhuwit yutonan. Sidang ditunda dina ngarep. Nalika Budi Angkoro nyeritakake sapa sejatine Prabowo kuwi, mbok Angkoro sing teka neng pengadilan kuwi kaget lan langsung semaput. Bu Angkoro langsung digawa mulih karo pak lurah. Tekan omah tangga-tangga sing weruh yen bu Angkoro semaput langsung padha mara niliki lan takon kenapa bu Angkoro. Pak Lurah ngomong yen bu Angkoro mung keselen.
            Ngerti yen ibune semaput lan digawa mulih, saka kantor Prabowo cepet-cepet bali omah niliki ibune. Tekan omah Prabowo langsung ngrangkul mbok Angkoro lan takon ana apa. Karo suwara sing pedhot-pedhot amarga nangis sing saya ndadi, mbok Angkoro jaluk ngapura sakgedhe-gedhene karo Prabowo. Dirasa yen mbok Angkoro ora isa teka ing sidang selanjute, Prabowo sms Prananti supaya nggantikake ibune teka ing sidang kuwi. Prananti gelem.
            Esuke, Prananti sing wis siap-siap ndelalah ana Trisna mara. Trisna langsung mlebu omah, ya wis biasa wong wis dianggep dulure dhewe wis kayak kakangne dhewe. Trisna arep ngajak Prananti nonton ing kampuse. Nanging Prananti ngomong yen dheweke wis ana janji karo Prabowo. Trisno uga karep seneng marang Prananti, nanging Prananti ora gelem. Ora let suwe, Prabowo teka. Prabowo lan Prananti langsung lunga wong loro ninggalake Trisna lang simbahe sing lagi jagongan. Tekan pengadilan Prananti dadi saksi yen Budi Angkoro bakal diukum pitulas taun disuda tahanan. Dheweke ngomong yen ana wong telu sing ngakon dheweke nglakoni kuwi. Diselidhiki, wong telu kuwi jebule buronan sing wis suwe dadi buuron lan urung bisa kecekel. Komandan atmiko entuk kabar yen telu buronan kuwi bakal lunga menyang luar negri nungpak pesawat. Nalika diselidhiki, ana pesawat siji sing ditunda amarga ana penumpang sing dadi buron. Wong loro sing dadi buron wis isa kecekel lan dilebokake tahanan, nanging sing siji ora bisa kecekel amarga wis lepas landas sejam sadurunge penggrebekan. Nalika bali ngeterke Prananti, tekan omah Prabowo entuk kabar yen dheweke kudu lunga menyang kantor kanggo ngomong karo bapake. Dheweke langsung cepet lunga kantor. Tekan kantor dheweke langsung tumuju ruang tahanan amarga bapake wis ngenteni. Nalika ketemu bapake, Prabowo langsung ngrangkul bapake.
            Budi Angkoro nyeritakake sapa sejatine Pprabowo kuwi lan nyeritakake kabeh apa sing wis dilakoni marang wong tuwa kandunge Prabowo. Budi Angkoro uga nyeritakake kabih kadurjanan sing wis dilakoni. Prabowo kaget lan gumun karo apa sing diceritake karo bapake. Bapake ngomong yen ana liontin, emblem saka emas, lan mas-masan neng wadhah kotak. Barang kuwi dijipuk nalika Budi Angkoro ngrampok omahe komandan Dibya. Budi Angkoro ngongkon Prabowo supaya njipuk barang kuwi. Barang-barang kuwi disinggahna mbok Angkoro. Barang-barang kuwi isa dienggo luru keluwarga kandunge Prabowo. Amarga nalika dheweke dijipuk Budi Angkoro, esih na wong wedok setengah tuwa sing lagi turu ana ing ngarep tv. Saka kantor nemoni bapake, Prabowo langsung bali omh kanggo luru barang-barang sing dimaksud Budi Angkoro mau.
            Tekan omah, Prabowo langsung nakonke barang-barang singmaksud bapake kuwi ana ngendi. Barang kuwi disinggahke mbok Angkoro ana ing jero kendhil lan dipendhem ana jero lemah ana ing ngisor mbale/amben kamare mbok Angkoro. Prabowo ngangkat ambene. Mbok Angkoro langsung jipuk pacul kanggo ndhudhuk lemah, amarga wis ngerti endi sing kudu didhudhuk Prabowo neruske ndhudhuk lemah kuwi. Ora let suwe pacule ngenani sebangsa watu. Kuwi kendhil sing dimaksud mbok Angkoro. Sarampunge diteruske olehe macul, kendhil kuwi langsung dijipuk lan dibukak, dijipuk isine. Isine kotak sing neng jero kendhil kuwi ana emblem polisi saka emas, kalung liontin, lan gelang emas liyane. Barang kuwi diresiki nganggo kain resik. Ana kalung liontin sing ora isa dibukak. Prabowo gawa neng toko emas supaya isa dibukak.
            Ing liya dina. Amarga Prabowo lan Prananti wis padha senenge, Prabowo nduwe keniatan kanggo nglamaar Prananti. Sore kuwi Prabowo mara neng omahe Prananti kanggo nglamar Prananti. Ndelalah neng omahe simbahe Prananti uga ana ibune Prananti sing lagi teka saka Jakarta. Ibune Prananti nerima lamarane Prabowo. Prananti uga seneng bisa dilamar karo kekasihe. Trisna rada kecewa amara Prananti luwih milih Prabowo ketimbang dheweke. Nanging Trisna kudu bisa lila lan legawa nerima kabih kuwi. Sing jenenge rasa kuwi ora bisa dipeksa.
            Kira-kira telung dina ana wong mara sing dikawal polisi. Kuwi bakul emas sing mbukakake liontin. Liontin kuwi saiki wis isa dibukak, neng jero liontin kuwi ana poto loro, lanang karo wedok. Kuwi mesthi potone bapak ibu kandunge Prabowo. Ora let suwe, dina liyane Prabowo luru simbahe sing dimaksud bapake mau. Sawise mubeng-mubeng desa, takon-takon neng para warga, etutuke ketemu. Dheweke dikancani pak Jatmika lan salah siji polisi liya mara neng salah siji omah, kuwi sing dienggoni mbahe kandung Prabowo. Prabowo lan para polisi uga pak Jatmika mara menyang omahe simbah kandunge. Simbahe kaget lan seneng yen putune sing dijipuk perampok kuwi wis isa ketemu lan isa kumpul karo dheweke. Ora let suwe Prabowo karo Prananti kawinan lan duwe anak lanang siji sing dijenengi Eka Jatmitri. Jeneng kuwi diwenehi saka buyute. Saiki Prabowo lan Prananti bisa urip mulya. Budi Angkoro wis diukum ana ing kunjara. Prananti lan Prabowo manggo sakomah karo simbah buyute lan mbok Angkoro uga dijak manggon bareng. Yen pancena mbok Angkoro kuwi wong liya, nanging wis dianggep ibune dhewe karo Prabowo.
Yen pengin ngerti piye lengkape isa maca buku sing irah-irahane”Wewadi Alas Pejaten” karangan C. Is Sarjoko

3.      Unsur Intrinsik Novel            
Tema                                      :
* sepinter-pintere manungsa nyimpen salah, mesthi bakale kebongkar.
* keluarga.

Latar Belakang                     :
            Cerita bab kadurakan iku padatane digarap dening pengarang priya, priya kang dianggep “cedhak” karo bab-bab kang kasar, lan kadurjanan. Nanging ing cerita kadurjanan menika dipunserat dening pengarang wanita. Wanita menita sejatinimpun terkenal “adoh” saking bab-bab kang kasar. Nanging pengarang menika saget nciptakake suwasana ingkang kaya dene para pamaos saget nimbrung wonten ing cariyos menika.

Waktu                                                :
Bengi ( nalika ana tayub, ana perampokan kayu jati ing alas pejaten.)
Awan ( nalika sidhang ing pengadilan)
Sore ( nalika Prabowo nglamar Prananti)

Suasana                                  :
Rame, seneng (pating cruwet polisi ibu olehe nanggapi, sing cetha nuduh-nuduh yen padha bungah atine).
Sedih ( ngerti yen bapake kuwi perampok sing dibedhil nalika bengi iku, Prabowo langsung nubruk mbokne karo nangis)
Sepaneng ( ngerti yen dheweke kuwi dudu anake Budi Angkoro, Prabowo mandeng bapake kanthi mentheleng, dheweke  mung isa meneng. Bapake meneng sedhela, suwasana dadi sepi)
Panas, emosi ( ngerti yen bapak ibune dipateni, saking emosine Prabowo nggebrak meja sing ana ingn ruang tahanan)

Alur                                        :
Alur Campuran
           
Amanat                                  :
            Yen kerja kita kudu kerja sing halal, aja mikir gampang entuk dhuwite, nanging ya kudu dipikir resikone saka gawean kuwi. Kita aja langsung percaya karo wong sing urung kita kenal, kok kita diiming-imingi barang sing mewah, kita kudu selidhiki dhisik wong kuwi apik apa ora.

Penokohan                             :
Prananti : tetek atine ( tetep milih Prabowo senajan digodani terus karo Trisna. Halaman 52), prihatin ( kelingan mbok Angkoro sing wingi sempet semaput ana pengadilan, Prananti langsung lunga gawake mangan kanggo mbok Angkoro. Halaman 57)
Prabowo :gedhe aten, pemaaf ( pak empun pak. Lepate bapak empun kela apunten. Boten sisah sriyos malih. Halaman 64)
Bu Angkoro : mriman, pasrah ( mbok Angkoro ya njur mapan turu ing senthonge. Dheweke biasa turu ijen tampa dikancani bojone neng omah. Atine wis mupus, mbok menawa pancen kaya ngono kuwi garising urip. Halaman 20)
Budi Angkoro : tganan, ora nduwe ati, ( Dibyo sing lagi turu neng kursi dawa, kanthi tekat sing kuwat nggorok gulune nganggo parang sing digawa. Dheweke uga mateni bojone Bojone sing lagi turu ngeloni jabang bayi.amarga krenteke kepengin duwe anak lanang, jabang bayi abang kuwi digawa lunga.  Halaman 2-3)
 Trisno : ntriman, legawa ( Trisna lila legawa yen Prananti sesandhingan karo Prabowo. Sing jenenge tresna kuwi ora bisa dipeksa.)

Sudut Pandang                      :
            Orang ketiga diluar cerita

4.      Kelebihan Novel                     :
Novel iki ngajari kita supaya aja tumindak sing ala. Ceritane runtut. Bahasa sing dienggo uga apik. Yen kerja kita kudu kerja sing halal, aja mikir gampang entuk dhuwite, nanging ya kudu dipikir resikone saka gawean kuwi. Kita aja langsung percaya karo wong sing urung kita kenal, kok kita diiming-imingi barang sing mewah, kita kudu selidhiki dhisik wong kuwi apik apa ora. Buku iki nganggo kertas HVS putih,dadi tulisane ya cetha yen diwaca. Ukuran hurupe ya pas. Ora kegedhen ya ora keciliken. Sampul buku iki alus lan gambare ya pas karo isi buku.

5.      Kekurangan Novel                  :
Ukuran buku iki gedhe, dadi kuraang praktis yen digawa neng ngendi-endi.

6.      Saran Terhadap Buku / Manfaat Terhadap Buku :
Yen isa, ukuran buku iki digawe rada cilik supaya isa praktis yen digawa neng ngendi-endi.