Sabtu, 27 Desember 2014

Geguritan "SANEPANE JAGAD"

SANEPANE JAGAD
Dening Suwardi Endraswara


Yen langit tanpa lintang ???
jagad akeh panantang
ra ana crita ngukir tawang!
akeh wong kebranang
golek wah, nyangga utang

Yen langit kedohan rembulan ???
eseme prawan njomplang
ra ana katresnan
mung bun angrem neng suketan
ninggal kesabaran
mbukak topeng-topeng krukupan
lelagon …, dolanan …
nyingkur pranatan!

Saupama ketinggal lintang rembulan ???
wengi kepaten obor
jangkahe wektu; nyimpang dalan
golek gampang
golek penak, mburu cepak
waton tumapak ora ngrewes sing ketlarak

Engguhna dadi kanyatan ???
akeh laku ninggal pepethan
ninggal kamanungsan
bumi peteng
akeh laku peteng
peteng budine
akeh … ???
iku sanepane jagat
kang njaluk dirucat
perlu diruwat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar