Pilihen wangsulan kang paling bener!
1. Yu Irah kondhang minangka wong kang lunyu ilate. Tembung lunyu
ilate kalebu tembung entar kang tegese….
a. a.tembunge mencla-mencle
b. seneng ngrasani tangga
c. criwis, akeh omonge
d. seneng padu.
2. Bejane wae Mbak Laras dawa ususe,
kabeh mung diwangsuli kanthi esem.
Tembung dawa ususe nduweni teges….
a. ususe dawa, mangane akeh
b. seneng ngulur wektu
c. sabar banget
d. seneng ngguyu, nyenengake wong liya.
3. Tembung ing ngandhap menika ingkang minangka tembung Garba
inggih menika….
a. memetri
b. tumekeng
c. pinardiya
d. mekaring
4. Tembung garba jalwestri kadadosan saking tembung….
a. jalwes + stri
b. jalwa + estri
c. jalwa + setri
d. jalu + estri
5. Ukara ing ngandhap menika ingkang ngginakaken tembung Homonim inggih
menika….
a.
1) Bapak tindak
Kebumen mundhut gendheng.
2) Aku
mau ana dalan ngerti wong gendheng.
b.
1) Ibu mundhut
sekar Mawar.
2) Bapak
midhangetaken sekar Dhandhanggula.
c.
1) Aku karo
kancaku arep ngelih meja.
2) Bareng wis
awan aku krasa luwe
d.
1) Ibu tindak
Bank arep mundhut celengan.
2) Ibu tindak
pasar nitih becake Bang Toyib.
6. Wong tuwane sakloron ora kurang-kurang anggone mulang
unggah-ungguh….anake tetep ora ngerti tatakrama. Tembung
panggandheng ingkang trepkangge
ngisi cecek –cecek ing
ukara kasebat inggih menika….
a. ewadene
b. sinambi
c. nalika
d. manawa
7. Gatekna ukara ing ngisor iki !
No
|
Ukara
|
1
|
Bapak Wisnu Subrata badhe medhar sabda.
|
2
|
Saben dhina Senin murid-murid pada upacara.
|
3
|
Kula badhe ndandosi pit.
|
4
|
Mbakyu kula dhereng gadah momongan.
|
Ukara ing nginggil ingkang
leres panyeratipun inggih menika….
a. ukara 1 lan 2
b. ukara 3 lan 4
c. ukara 1 lan 3
d. ukara 2 lan 4
Wacana :
Sasangka : “Kula
nuwun, Bu.”
Bu Sastra : “ Mangga, O, Nak Sasangka, kene mlebu kene! Ana wigati apa,
Nak?”
Sasangka : “Kepareng matur, Bu. Kula (mara) mriki (dikongkon)
Ibu,( menehake)
pundhutanipun gendhis watawis 10 kg.”
bu Sastra : ”O ya, (omonga) karo Ibumu, menawa iki kabeh wis taktampa.”
8. Tembungipun Sasangka wonten ing waosan ing nginggil kirang leres.
Dene tembung ‘mara’ ingkang leres inggih menika….
a. sowan
b. dhateng
c. rawuh
d. tindak
9. Tembungipun Sasangka “menehake” ingkang leres inggih menika….
a. nyaosaken
b. maringaken
c. menehaken
d. nyukakaken
10. Gambar wayang punakawan menika namanipun….
|
|
a. Bagong
b. Gareng
c. Petruk
d. Semar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar