Sabtu, 27 Desember 2014

Kumbakarna Is Dead



Kumbakarna Is Dead

            Sarpakenaka gugur, nyusul putra-putra Prabu Dasamuka lan Patih Prahastha kang gugur ing paprangan. Jalaran saka kuwi, Prabu Dasamuka duka lan dhendham. Prabu Dasamuka mrentah para prajurit menyang Gunung Gohkarna supaya nangekake Prabu Kumbakarna. Nanging, kanthi cara apa wae Prabu Kumbakarna ora bisa ditangekake. Para prajurit bali menyang Alengka lan kandha marang Prabu Dasamuka yen Prabu Kumbakarna ora bisa ditangekake. Banjur Prabu Dasamuka mrentah kurir nemoni Prabu Sumali supaya putra-putrane Kumbakarna maju perang. Nanging Prabu Sumali ora nyarujuki, amarga umur putra-puta Kumbakarna, Kumba Kumba lan Aswani Kumba isih welasan taun, durung ngancik diwasa. Dewi Kiswani minangka Ibune Kumba Kumba lan Aswani Kumba uga nyarujuki jalaran durung direstoni Ramane, Kumbakarna. Prabu Dasamuka samsaya duka nalika prentahe ora ditampa dening Prabu Sumali. Kanthi cara paksa, Prabu Dasamuka mrentah para prajurit mapag putra-putrane Kumbakarna. Prabu Sumali lan Dewi Kiswani kanthi rasa aboting ati ngeculake Kumba Kumba lan Aswani Kumba maju ing paprangan. Putra-putra Kumbakarna mangkat karo prajurit Alengka.
            Prajurit Pancawati wis siyaga nampa tekane prajurit Alengka. Penjaga wis paring laporan marang Anggada yen prajurit Alengka wis mlebu ing pawatesan Swelagiri dipandhegani sapasang putra kembar Kumbakarna. Prajurit Alengka ngeculake panah geni. Dene Wibisana ngeculake panah udan ing angkasa, banjur udan deres mudhun ing sajroning paprangan. Panah geni saka prajurit Alengka bisa dilumpuhake panah udane Wibisana. Prajurit raksesa lan prajurit kethek lebur ing paprangan kang jumlahe puluhan ewu, ditambah prajurit Goa Kiskenda kang ngesuk prajurit Alengka. Nuli prajurit Alengka lan Pancawati minggir. Panglima Alengka, raksesa mudha putra kembar Kumbakarna kapeksa nglawan prajurit Pancawati. Anggada nglawan Kumba Kumba lan Anila ngadhepi Aswani Kumba. Saben Kumba Kumba mati, Aswani Kumba nglumpati awake, banjur Kumba Kumba urip maneh. Kuwi uga dilakoni Kumba Kumba nalika Aswani Kumba mati. Anggada lan Anila tiba kaentekan daya. Gage Sugriwa lan Anoman nulungi. Amarga Sugriwa ngrumangsani dheweke wis ketuwan yen nglawan putra kembar Kumbakarna, mula namung Anoman kang ngadhepi Kumba Kumba lan Aswani Kumba.
            Prang tandhing putra kembar Kumbakarna lan Anoman katon sengit. Putra-putra Kumbakarna percaya yen bisa ngalahake para satriya Pancawati. Nalika Anoman ngadeg ing tengah-tengahe Kumba Kumba lan Aswani Kumba, putra kembar iku samsaya bregas anggone nyerang Anoman bebarengan, nanging Anoman mencolot, banjur sirah kaloro putra kembar Kumbakarna jejadhugan, sahengga sirahe pecah. Putra kembar Kumbakarna gugur. Sajrone ati Wibisana nangisi ponakane kang mati ing paprangan. Putra kembar kang durung diwasa iku dadi Satriya Alengka kang dibanggaake.
            Prabu Dasamuka sedhih nalika ngerti putra kembar Kumbakarna gugur. Dheweke banjur mangkat menyang gunung Gohkarna karo prajurit Alengka lan Togok sarta Sarawita kanthi ancas nangekake Kumbakarna. Swara trompet, tambur, lan meriam ora bisa nangekake Kumbakarna kang isih turu. Banjur Togog nangekake prabu Kumbakarna mawa cara njabut wulu cumbune prabu Kumbakarna. Sanalika dheweke tangi gregah. Panganan kang digawaake Kakange, Dasamuka, sagrobag dientekake. Nuli prabu Dasamuka mbabarake yen perang Alengka wis kalakon kanthi nggugurake Sarpakenaka, putra-putra Dasamuka, patih Prahastha lan putra kembar Kumbakarna. Kumbakarna duka. Panganan kang wis lumebu ing jero wetenge diwutahake. Dheweke banget dukane. Banjur mangkat maju perang ora krana Kakange kang angkara murka, nanging krana mbela negara lan mbales tumindake prajurit Pancawati kang njalari putra kembare gugur. Prabu Dasamuka bali menyang Alengka, dene Togog lan Sarawita bali menyang patogogan.
            Gendera ireng negara Alengka wis katon saka pawatesan Swelagiri. Wibisana weruh Kakang Kumbakarna teka minangka Senapati nganggo sandhangan Brahmana, putih-putih. Wibisana marani sang Prabu, banjur dibabarake yen maksut tekane prabu Kumbakarna arep mbela negara Alengka, ora krana prabu Dasamuka. Sejatine Prabu Kumbakarna ora arep perang, nanging dheweke uga ora kepengin negarane didiak-idak negara liya, apa maneh sedulur-sedulur lan putrane gugur amarga perang.
            Prabu Kumbakarna mara ing papan Prabu Rama. Dheweke dikerek atusan kethek. Kabeh bageyan awake dikere. Prabu Kumbakarna meneng wae amarga dheweke wis ngomong yen ora arep nglarani liyane. Nanging sang Prabu ora sengaja ngidak para kethek. Kumbakarna njaluk prabu Rama bali menyang Pancawati. Prabu Rama uga njaluk Kumbakarna bali menyang Alengka. Sugriwa, Anoman, Anggada, lan Anila nggoceki sikile prabu Kumbakarna supaya ora nyedhaki prabu Rama, nanging entek dayane. Banjur Prabu Rama ngeculake panah Gumawijaya. Panah kapisan nugelake pundak kiwa Kumbakarna kang digandhuli atusan kethek, dene lengen tengene uga tugel nalika panah kapindho diculake. Kumbakarna tetep maju. Banjur prabu Rama ngeculake panah katelu lan kapapat ing kaloro sikile Kumbakarna. Sikil Kumbakarna tugel lan awake ambruk. Kari awak lan sirahe kang isih. Panah kalima diculake prabu Rama ngenani gulune prabu Kumbakarna. Awak lan sirahe pisah. Kumbakarna gugur kena panah kalima.
            Sang Prabu kang gugur mbela negarane dipapag arume kembang mlathi kang tumurun saka angkasa. Awak kang padha tugel sanalika nyawiji maneh. Jiwa lan ragane prabu Kumbakarna wis dipapanake ana ing Swarga Pangrantunan. Prabu Rama trenyuh weruh kadadeyan iku sarta Wibisana nangis krana Kakang kang banget ditresnani iku lunga salawase.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar