Cangkriman
iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude.
Cangkriman uga di arani badhekan.
a). Cangkriman wancah (cekakan), tuladha (contoh)
a). Cangkriman wancah (cekakan), tuladha (contoh)
- Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
- Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
- Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
- Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
- Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
- Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
- Yumaerong : yuyu omahe ngerong
- Suru bregitu : asu turu di bregi watu
- Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
- Nasgithel : Panas, legi, kenthel
b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :
- Pitik walik saba kebon ( nanas )
- Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )
- Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )
- Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ( kates )
- Emboke di elus elus anak di idak-idak ( andha )
- Gajah nguntal sangkrah ( pawon )
- Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil )
- Kebo bule cancang merang ( buntil )
- Disuguh opak angin ( ora disuguhi apa-apa )
- Anake gelungan ibune ngrembyang ( pakis )
- Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )
- Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
- Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon ( dom / jarum).
- Wit adhikih woh adhakah ( waloh )
- Wit adhakah woh adhikih ( ringin )
- Emboke wuda, anake tapihan ( pring )
- Dikethok malah dhuwur ( celana )
c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :
- Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
- Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
- Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
- Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
- Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar