LAKON
v Dideleng saka pengertian,
Lakon yaiku saka tembung Laku sing artine perjalanan
utawa cerita utawa kedadeyan (Peristiwa). Mlakune cerita wayang iki ana
sangkutane karo tokoh-tokoh wayang. Yen ora ana tokoh-tokoh wayang, lakon ya
ora isa dadi.
Lakon sing ana ning jerone pementasan Wayang Kulit,
dijipuk saka cerita Ramayana lan Mahabharata.
v Lakon dibedakake dadi 2 macem :
1. Lakon Baku
yaiku lakon sing sumbere saka buku-buku pedhalangan.
2. Lakon Carangan
Yaiku
luwih menuju karo lakon-lakon sing diciptakake karo para dhalang senior kanggo
menuhi kebutuhan penanggap wayang utawa penguasa (pemerintah) nig jamane.
Lakon
menurute bocah nom-nom saiki yaiku tokoh utawa pemeran utama.
v Macem-macem lakon miturut jenise:
1. jenis lahiran: ciri pokok jenis iki
yaiku ana ning lakon iki ana/kedadeyan laire tokoh wayang. Conto: Setyaki
Lahir, Abimanyu Lahir, Wisanggeni Lahir lan liya-liyane.
2. jenis raben: ana ning jero lakon
jenis raben utawa krama iki ana perkawinan utawa krama tokoh wayang. Conto:
Parta Krama, Rabine Gathotkaca, Palasara Krama, Irawan Rabi, dan sejenisnya.
3. Jenis alap-alapan: ana ning jero
lakon iki ceritane ana kedadeyan rebutan putri raja antarane para satria utawa
raja saka berbagai daerah, misal, alap-alapan Sukesi, Alap-alapan Dursilawati,
Alap-alapan Setyaboma, dan sejenisnya. Miripkaro lakon lap-lapan iki yaiku
lakon sing judule sayembara, misal Sayembara Kasipura, Gandamana Sayembara, dan
Sayembara Mantili.
4. Jenis gugur atau lena: ana ning jero
tokoh iki yaiku bakal ana tokoh sing mati utawa gugur. Conto: Abimanyu Gugur,
Gathotkaca Gugur, Salya Gugur, Dasamuka Lena, Kangsa Lena lan liya-liyane.
5. Jenis mbangun: ciri pokok jenis iki
yaiku anane kegiatan mbagun suatu tempat, misal mBangun Taman Maerakaca,
mBangun Candi Saptarengga, Semar mBangun Gedhongkencana, Semar mBangun Klampis
Ireng lan liya-liyane.
6. Jenis jumenengan: ana ning jero
lakon iki, ana kegiatan utawa peristiwa penukuhan utawa penetapan salah sijine
tokoh dadi raja. Misal Jumenengan Parikesit, Jumenengan Puntadewa, Jumenengan
Kakrasana lan liyane.
7. Jenis wahyu: isi pokok lakon wahyu
yaiku peristiwa menehi anugerah (wahyu) saka dewa marang tokoh wayang tertamtu
amarga keberhasilane utawa jasa tokoh tertamtu iki mara dewa. Contoh: Wahyu Eka
Bawana, Wahyu Trimanggala, Wahyu Payung Tunggulnaga, lan sejenise.
8. Jenis nama tokoh: ciri lakon wayang
jenis nama tokoh sing dimaksud yaiku pertunjukan lakon wayang sing diwenehi
judul sing mung nyebut jeneng (nama) tokoh wayang lan jeneng tokoh iki biasane
jeneng tokoh utama sing dadi lakon.
Misalnya: Begawan Kilatbuwana, Begawan Lomana, Mayangkara, Begawan Ciptoning,
Watugunung, Begawan Dwihastha lan sejenise.
9. Jenis banjaran: yaiku gabungan
beberapa lakon sing nyeritakake salah siji tokoh sing lhir nganti mati sajerone
siji kesatuan pentas. Conto: Banjaran Bima, Banjaran Karna, Banjaran Gatutkaca,
lan sejenise.
10. Jenis duta: ciri lakon duta yaiku
salah siji tokoh wayang sing entok tugas dadi duta saka salah sijine raja
supaya isa ngrampungke masalah. Conto: Anoman Dhuta, Kresna Dhuta, Drupada
Dhuta, lan sejenise.
v Fungsi Lakon
yaiku dadi pendukung/ penentang tokoh sentral. Tokoh
sentral yaiku tokoh sing nentukake geral/ lakune lakon, pusat dadine konflik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar