WIWIK ANTHING
Ana ing Cerkak iki nyeritakake ana
bocah lanang jenenge Adi Wicaksana. Undang-undangane Wiwik. Wiwik asli saka Kebumen,
dheweke kuliyah ana ning UNDIP jurusan Sastra Jawa. Ning kampus, akeh
mahasiswa-mahasiswa sing ngundang Wiwik polos, amarga senengane nganggo klambi
polos, ora tau nganggo klambi kotak-kotak utawa garis-garis.
Ing dina liya, ana mahasiswi sing
jenenge Murniati jurusan satra Indonesia. Dheweke seneng karo wiwik amaraga wis
pinter tur ganteng. Semono uga wiwik.
Nalika Murniati dolan ning
kos-kosane Wiwik, dheweke diwenehi suguhan cemilan sing jenenge Lanthing.
Cemilan asli saka kebumen. Gara-gara ketagihan mangan lanthing, Murniati duwe
usul yen undangane Wiwik ditambahi dadi Wiwik Lanthing. Wiwik setuju, lan wiwit
kuwi Wiwik saben seminggu pisan bali kampung kanggo kulakan Lanthing terus
dipasarke ning warug-warung cedhak kos lan cedhak kampus.
Ora let suwe, akeh wong sing mesen
lanthing sing rasane enak mau. Wiwik wis isa bayari kaluah dhewe saka asil
dodolan Lanthing kuwi. Saiki dheweke wis isa ngrasake asil kerja kerase. Nagnti
lulus kuliah, lan iki neruske S2.
Saiki Wiwik wis bebojoan karo
Murniati. Murniati wis mbobot gedhe.sedhela maneh arep lairan. Nanging Wiwik
ora bingung mikir biaya, amarga dheweke wis duwe celengan/tabungan kanggo
lahiran saka olehe dodolan Lanthing mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar