RESENSI BUKU
“Wewadi Alas Pejaten”
1. Identitas
Buku:
Penulis : C. Is
Sarjoko
Tahun Penerbit /
Terbit : 2012
Tebal Buku : 86 Halaman
ISBN :
978-979-185-388-0
Dimensi : 14,5 X 21
Jenis kertas : Keras Putih
2. Sinopsis:
Buku iki nyeritakake babagan kadurakan sing wis dilakoni
karo wong lanang sing jenenge Budi Angkoro. Budi Angkoro wis pirang-pirang dina
iki katon kakehan pikiran. Sajak ana masalah sing isih ganje ana ing pikirane
sing katon abot banget. Yen diomongi bojone meneng wae, yen dicedhaki malah
ngamok, dikongkon mangan ora didemok blas. Kangone bu Angkoro kuwi ya wis
biasa. Amarga yen pak Budi teka saka kerja mesthi tingkahe ya kayak ngono. Budi
Angkoro ngakune karo bojone kerjane dagang material lan liya-liyane. Nanging
sejatine bu Angkoro ora ngerti apa kerjane pak Budi Angkoro.
Budi Angkoro kelingan kedadeyan
rongpuluh taun kepungkur nalika dheweke lan kanca-kancane lagi nyolong kayu ana
ing alas ejaten. Nalika semana, Budi Angkoro lagi ngrampok kayu ing jero alas
pejaten. Nalika dheweke lan anak buahe lagi ngrampok dhewe krungu yen Ana
komandan alas sing anyar jenenge Dibyo. Wonge kerep anggone nganakake patroli.
Bengi kuwi nalika ngrampok kayu ing alas, ndelalah ana patroli. Rumangsa dadi
pemimpin, Budi Angkoro langsung menehi aba-aba kanggo anak buahe supaya padha
luru aman. Nalika Budi Angkoro lagi ndhelik ana ing grumbulan dheweke krasa
aman. Nanging amarga saking gugupe amarga patroli, grumbulan sing dienggo
ndhelik Budi Angkoro mau obah-obah kena awakke. Komandan Dibyo langsung nembak
ing arah grumbul. Peluru sing metu saka pistol mau ngenani lengenne Budi
Angkoro. Dheweke mung isa pringas pringis mbetahke lara. Getih ngucur saka
lengenne.Saka kedadeyan kuwi, Budi Angkoro niteni komandan Dibyo. Dheweke
bakalan mbales apa sing wis dilakokake komandan Dibyo marang dheweke.
Sawise kedadeyan kuwi, Budi Angkoro
ora bisa lali. Wis ana rong taun lawase komandan Dibyo ora ana kabar. Saiki
dheweke wis nduwe bojo lan nduwe anak siji lanang sing lagi wae lairan. Saiki
komandan Dibyo ditugaske ana ing desa Kedhung Jati supaya ngawasi lan ngayomi
para warga desa. Dheweke tuku omah neng kono, bojone sing wis arep babaran
digawa menyang desa Kedhung Jati. Sore iki lagi wae bojone komandan Dibyo
mentas babaran. Uba rampe sing dienggo acara lairan, wong-wong sing mara uga
lagi wae padha mulih. Komandan Dibyo sayah, dheweke turu ana ing kursi dawa
sing ana ing ruang tamu. Neng kamarana bojone sing turu karo ngeloni anake.neng
ngarep tv ana wong wedok sing umure
wis tuwa lagi turu. Saking kesele, lawang omah ora sempet ditutup.
Ora suwe olehe nggoleki omahe
komandan Dibyo, Budi Angkoro nemoke omahe. Dheweke lan anak buahe lansung mlebu
omah. Anak buahe langsung jipuki barang-barang sing aji. Kanthi tekat sing
temenanan, golok sing dicekeli kuwi langsung dienggo nggorok gulune komandan
Dibyo. Budi Angkoro wis lega rasane yen wis isa mateni komandan kuwi. Dheweke
langsung mlebu kamar. Neng amben kuwi ana wong wedok sing lagi turu ngeloni
anake ya si jabang bayi, ora liya kuwi anak lan bojone komandan Dibyo. Wong
wedok kuwi langsung diglebakke lan digorok gulune. Amarga saking kepingine
nduwe anak, weruh jabang bayi sing lagi turu pules kuwi, Budi Angkoro langsung
nggendhong jabang bayi abang kuwi lang digawa metu saka omah. Anak buahe wis
padha ngenteni ana ing jero mobil. Budi Angkoro mlebu mobil karo nggendhong
jabang bayi.
Jabang bayi mau diwenehke bojone.
Bojone Budi Angkoro seneng banget. Amarga saking kepingine nduweni anak.
Ngakune Budi Angkoro, bayi kuwi anake kancane sing wis ditinggal mati karo
bapak ibune, terus dejaluk dheweke lan dikon ngurus kaya dene anake dhewe. Mbok
Angkoro seneng banget diwenehi bayi abang kuwi. Dheweke bakalan njaga, ngrawat
bayi kuwi kayak anake dhewe. Bayi kuwi diwenehi jeneng Prabowo.
Jabang bayi mau saiki wis gedhe,
bayi mau saiki wis gedhe. Wis metu saka pendhidhikan kepolisian. Budi Angkoro
ora nyangka yen Prabowo duwe kepinginan sing padha karo bapake Dibyo. Kepingine
dadi polisi gedhe banget. Prabowo uga sayang karo Budi Angkoro lan bu Angkoro.
Bektine kaya dene marang bapak lan ibune kandung, senajan durung ngerti yen
dheweke dudu anak kandunge. Budi Angkoro lan bu Angkoro uga sayng marang
Prabowo kayak anake dhewe.
Saben bubar panen warga desa Kedhung
Jati janji bakal nganakake bersih desa. Bersih desa iki mesthi ana tayub sing
dianakake ana ing bale desa. Kabeh warga desa Kedhung Jati mesthi padha nonton.
Bu Angkoro uga melu nonton tayub. Amarga tugase dadi polisi, Prabowo uga melu
ngawasi ing tayuban kuwi supaya njaga keamanan nalika adhicara tayuban kuwi
kalaksanakaken. Prabowo seneng karo salah siji penari tayub kuwi. Wong wedok
kuwi jebolan saka SMKI saka kutha. Jenenge penari kuwi yaiku Prananti. Prabowo
seneng banget isa ketemu karo wong sing ditresnani. Dheweke kapengin nonton
Prananti nari, nanging amarga komandan Jatmika menehi tugas kanggo dheweke lan
kanca-kanca polisi liyane, dheweke ora isa milih. Dheweke luwih milih tugas
amargatugas kuwi wajib.
Amarga saben ana tayub, mesthi ana
wit jati singilang. Mesthi apa perampokan kayu jati ing jero alas Pejaten.
Amarga masalah kuwi pak Jatmika menehi aba-aba karo anak buahe kabih supaya
sejumlah anak buahe kuwi dibagi loro. Ana sing ngawasi ing tayuban lan ana sing
patroli menyang alas pejaten. Prabowo kebageyan patoli menyang alas. Kabih
pasukan polisi sing wis entok tugas dhewe-dhewe padha nglakoni tugase. Prabowo
lan kanca-kanca polisi sing ditugaske patroli langsung menyang alas Pejaten.
Patroli wis diwiwiti Prabowo lan kanca-kancane sing ditugasi gawe rencanalan
dibagi ing jero alas pejaten.
Nalika lagi patroli ketemu wong telu
sing lagi kluyuran neng jero alas. Nalia ditakoni apa prelune, nakune arep
nonton tayub nanging malah nyasar tekan alas pejaten. Prabowo ngongkon wong
telu mau mulih. Para polisi sing weruh wonng telu mau curiga yen wong telu mau
rampok sing biasane ngrampok ing alas pejaten. Nalika patroli para polisi
nangkap para begundhal sing bisane ngrapok kayu jati kuwi. Nalika padha
disergap lan dikumpulke, ana salah sijibegundhal sing arep mlayu. Amarga
bektine, tanpa pikir dawa Prabowo langsung nembak si begundhal sing mlayu kuwi.
Peluru saka pistol sing ditembakna Prabowo kuwi ngenani sikile begundhal kuwi.
Begundhale kuwi langsung tiba lan mbetahke lara. Prabowo langsung lunga amarga
oleh komando saka komandan supaya ngamanke sing liyane.
Omah sepi. Neng omah mung ana mbok
Ankoro lan Prabowo sing isih turu. Pak Dhukuh Sastra mara ning omahe mbok
Angkoro kanggo menehi layang saka komandan Jatmika kanggo Prabowo. Amarga
Prabowo urung tangi saka turune, layang mau dititipke mbok Angkoro supaya
mengko diwenehke Prabowo yen dheweke wis tangi. Ora let suwe, Prabowo tangi lan
langsung mlebu pawon nyidhuk sega. Amarga wetenge krasa luwe. Mbok Angkoro
menehake layang singtampa mau. Prabowo maca surat mau. Sawise maca surat kuwi
dheweke langsung cepet-cepet lunga menyang kantor. Satekane kantor, Prabowo
langsung nggoleki pak Jatmika.
Prabowo ora nyana yen sing ditembak
bengi kuwi bapake, Budi Angkoro. Prabowo langsung mara menyang rumahsakit. Neng
rumahsakit ana bu Angkoro sing nangis. Budi Angkoro sing lagi turu lan
pringas-pringis lan nangis mbetahke lara. Prabowo kaget lan langsung ngrangkul
mbok Angkoro. Nalika Prabowo mlebu ruang rawat, dhweke langsung ngrangkul
bapake sing lagi wae sadar. Budi Angkoro jaluk ngapura karo Prabowo amarga wis
nglakoni salah, wis ndadekake isin sakeluwarga. Mbok A ngkoro lan Prabowo ora
nyangka. Amarga apa sing dilkoni kuwi, Budi Angkoro dipenjara. Dheweke neng
penjara sambi ngertenikeputusan saka pengadilan.
Ing dina liya Prabowo dolan menyang
omahe Prananti. Amarga wis rong minggunan ora ketemu, atine Prabowo krasa
kangen karo kekasihe. Ora ewuh-ewuh Prabowo mara dolan neng omahe Prananti.
Neng omahe Prananti uga ana simbahe. Prananti lan Prabowo jagongan karo
simbahe. Sejatine, Prananti arep dijodhohake karo Trisna, kancane Prabowo.
Nanging Prananti ora gelem, amarga dhewe mung nganggep Trisna kuwi kayak
kakangne dhewen lan amarga dheweke uga wis seneng karo Prabowo.
Budi Angkoro disidang ing
pengadilan. Bu Angkoro lan pak lurah uga melu teka ing pengadilan kanggo dadi
saksi. Nalika ing pengadilan Budi Angkoro ditakoni apa wae sing teu dilakoni.
Budi Angkoro nyeritakake apa sing dilakoni, kalebu mateni komandan Dibyo lan
bojone, uga nyeritakake nalika jipuk anake komandan Dibyo sing lagi lair. Bayi
kuwi dirawat dan digedhekake nganti saiki. Jabang bayi kuwi ya Prabowo kuwi.
Dheweke uga nyeritakake nalika dheweke ngrampok kayu jati ing alan pejaten.
Dheweke lan kanca-kancane dikongkon karo wong sing jenenge Drembo. Dheweke
diiming-imingi bakal diwenei dhuwit yutanan yen gelem nyetorake kayu jati sing
cacahe ewonan kanthi wektu sing wis ditemtokake. Sejatine dheweke lan
kanca-kanca begundhale ora ngerteni sapa iku Drembo. Ngertine dheweke isa
nyetorake kayu sing jumlahe wis ditemtokake kuwi lan bisa kasil dhuwit yutonan.
Sidang ditunda dina ngarep. Nalika Budi Angkoro nyeritakake sapa sejatine
Prabowo kuwi, mbok Angkoro sing teka neng pengadilan kuwi kaget lan langsung
semaput. Bu Angkoro langsung digawa mulih karo pak lurah. Tekan omah
tangga-tangga sing weruh yen bu Angkoro semaput langsung padha mara niliki lan
takon kenapa bu Angkoro. Pak Lurah ngomong yen bu Angkoro mung keselen.
Ngerti yen ibune semaput lan digawa
mulih, saka kantor Prabowo cepet-cepet bali omah niliki ibune. Tekan omah
Prabowo langsung ngrangkul mbok Angkoro lan takon ana apa. Karo suwara sing
pedhot-pedhot amarga nangis sing saya ndadi, mbok Angkoro jaluk ngapura
sakgedhe-gedhene karo Prabowo. Dirasa yen mbok Angkoro ora isa teka ing sidang
selanjute, Prabowo sms Prananti supaya nggantikake ibune teka ing sidang kuwi.
Prananti gelem.
Esuke, Prananti sing wis siap-siap
ndelalah ana Trisna mara. Trisna langsung mlebu omah, ya wis biasa wong wis
dianggep dulure dhewe wis kayak kakangne dhewe. Trisna arep ngajak Prananti
nonton ing kampuse. Nanging Prananti ngomong yen dheweke wis ana janji karo
Prabowo. Trisno uga karep seneng marang Prananti, nanging Prananti ora gelem.
Ora let suwe, Prabowo teka. Prabowo lan Prananti langsung lunga wong loro
ninggalake Trisna lang simbahe sing lagi jagongan. Tekan pengadilan Prananti
dadi saksi yen Budi Angkoro bakal diukum pitulas taun disuda tahanan. Dheweke
ngomong yen ana wong telu sing ngakon dheweke nglakoni kuwi. Diselidhiki, wong
telu kuwi jebule buronan sing wis suwe dadi buuron lan urung bisa kecekel.
Komandan atmiko entuk kabar yen telu buronan kuwi bakal lunga menyang luar
negri nungpak pesawat. Nalika diselidhiki, ana pesawat siji sing ditunda amarga
ana penumpang sing dadi buron. Wong loro sing dadi buron wis isa kecekel lan
dilebokake tahanan, nanging sing siji ora bisa kecekel amarga wis lepas landas
sejam sadurunge penggrebekan. Nalika bali ngeterke Prananti, tekan omah Prabowo
entuk kabar yen dheweke kudu lunga menyang kantor kanggo ngomong karo bapake.
Dheweke langsung cepet lunga kantor. Tekan kantor dheweke langsung tumuju ruang
tahanan amarga bapake wis ngenteni. Nalika ketemu bapake, Prabowo langsung
ngrangkul bapake.
Budi Angkoro nyeritakake sapa
sejatine Pprabowo kuwi lan nyeritakake kabeh apa sing wis dilakoni marang wong
tuwa kandunge Prabowo. Budi Angkoro uga nyeritakake kabih kadurjanan sing wis
dilakoni. Prabowo kaget lan gumun karo apa sing diceritake karo bapake. Bapake
ngomong yen ana liontin, emblem saka emas, lan mas-masan neng wadhah kotak.
Barang kuwi dijipuk nalika Budi Angkoro ngrampok omahe komandan Dibya. Budi
Angkoro ngongkon Prabowo supaya njipuk barang kuwi. Barang-barang kuwi
disinggahna mbok Angkoro. Barang-barang kuwi isa dienggo luru keluwarga
kandunge Prabowo. Amarga nalika dheweke dijipuk Budi Angkoro, esih na wong
wedok setengah tuwa sing lagi turu ana ing ngarep tv. Saka kantor nemoni
bapake, Prabowo langsung bali omh kanggo luru barang-barang sing dimaksud Budi
Angkoro mau.
Tekan omah, Prabowo langsung nakonke
barang-barang singmaksud bapake kuwi ana ngendi. Barang kuwi disinggahke mbok
Angkoro ana ing jero kendhil lan dipendhem ana jero lemah ana ing ngisor
mbale/amben kamare mbok Angkoro. Prabowo ngangkat ambene. Mbok Angkoro langsung
jipuk pacul kanggo ndhudhuk lemah, amarga wis ngerti endi sing kudu didhudhuk
Prabowo neruske ndhudhuk lemah kuwi. Ora let suwe pacule ngenani sebangsa watu.
Kuwi kendhil sing dimaksud mbok Angkoro. Sarampunge diteruske olehe macul,
kendhil kuwi langsung dijipuk lan dibukak, dijipuk isine. Isine kotak sing neng
jero kendhil kuwi ana emblem polisi saka emas, kalung liontin, lan gelang emas
liyane. Barang kuwi diresiki nganggo kain resik. Ana kalung liontin sing ora
isa dibukak. Prabowo gawa neng toko emas supaya isa dibukak.
Ing liya dina. Amarga Prabowo lan
Prananti wis padha senenge, Prabowo nduwe keniatan kanggo nglamaar Prananti.
Sore kuwi Prabowo mara neng omahe Prananti kanggo nglamar Prananti. Ndelalah
neng omahe simbahe Prananti uga ana ibune Prananti sing lagi teka saka Jakarta.
Ibune Prananti nerima lamarane Prabowo. Prananti uga seneng bisa dilamar karo
kekasihe. Trisna rada kecewa amara Prananti luwih milih Prabowo ketimbang
dheweke. Nanging Trisna kudu bisa lila lan legawa nerima kabih kuwi. Sing
jenenge rasa kuwi ora bisa dipeksa.
Kira-kira telung dina ana wong mara
sing dikawal polisi. Kuwi bakul emas sing mbukakake liontin. Liontin kuwi saiki
wis isa dibukak, neng jero liontin kuwi ana poto loro, lanang karo wedok. Kuwi
mesthi potone bapak ibu kandunge Prabowo. Ora let suwe, dina liyane Prabowo
luru simbahe sing dimaksud bapake mau. Sawise mubeng-mubeng desa, takon-takon
neng para warga, etutuke ketemu. Dheweke dikancani pak Jatmika lan salah siji
polisi liya mara neng salah siji omah, kuwi sing dienggoni mbahe kandung
Prabowo. Prabowo lan para polisi uga pak Jatmika mara menyang omahe simbah
kandunge. Simbahe kaget lan seneng yen putune sing dijipuk perampok kuwi wis
isa ketemu lan isa kumpul karo dheweke. Ora let suwe Prabowo karo Prananti
kawinan lan duwe anak lanang siji sing dijenengi Eka Jatmitri. Jeneng kuwi diwenehi
saka buyute. Saiki Prabowo lan Prananti bisa urip mulya. Budi Angkoro wis
diukum ana ing kunjara. Prananti lan Prabowo manggo sakomah karo simbah buyute
lan mbok Angkoro uga dijak manggon bareng. Yen pancena mbok Angkoro kuwi wong
liya, nanging wis dianggep ibune dhewe karo Prabowo.
Yen pengin ngerti piye
lengkape isa maca buku sing irah-irahane”Wewadi Alas Pejaten” karangan C. Is
Sarjoko
3. Unsur
Intrinsik Novel
Tema :
*
sepinter-pintere manungsa nyimpen salah, mesthi bakale kebongkar.
*
keluarga.
Latar Belakang :
Cerita bab kadurakan iku padatane
digarap dening pengarang priya, priya kang dianggep “cedhak” karo bab-bab kang
kasar, lan kadurjanan. Nanging ing cerita kadurjanan menika dipunserat dening
pengarang wanita. Wanita menita sejatinimpun terkenal “adoh” saking bab-bab
kang kasar. Nanging pengarang menika saget nciptakake suwasana ingkang kaya
dene para pamaos saget nimbrung wonten ing cariyos menika.
Waktu :
Bengi
( nalika ana tayub, ana perampokan kayu jati ing alas pejaten.)
Awan
( nalika sidhang ing pengadilan)
Sore
( nalika Prabowo nglamar Prananti)
Suasana :
Rame, seneng
(pating cruwet polisi ibu olehe nanggapi, sing cetha nuduh-nuduh yen padha
bungah atine).
Sedih
( ngerti yen bapake kuwi perampok sing dibedhil nalika bengi iku, Prabowo
langsung nubruk mbokne karo nangis)
Sepaneng
( ngerti yen dheweke kuwi dudu anake Budi Angkoro, Prabowo mandeng bapake
kanthi mentheleng, dheweke mung isa
meneng. Bapake meneng sedhela, suwasana dadi sepi)
Panas, emosi (
ngerti yen bapak ibune dipateni, saking emosine Prabowo nggebrak meja sing ana
ingn ruang tahanan)
Alur :
Alur
Campuran
Amanat :
Yen kerja kita kudu kerja sing
halal, aja mikir gampang entuk dhuwite, nanging ya kudu dipikir resikone saka
gawean kuwi. Kita aja langsung percaya karo wong sing urung kita kenal, kok
kita diiming-imingi barang sing mewah, kita kudu selidhiki dhisik wong kuwi
apik apa ora.
Penokohan :
Prananti
: tetek atine ( tetep milih Prabowo
senajan digodani terus karo Trisna. Halaman 52), prihatin ( kelingan mbok Angkoro sing wingi sempet
semaput ana pengadilan, Prananti langsung lunga gawake mangan kanggo mbok
Angkoro. Halaman 57)
Prabowo
:gedhe aten, pemaaf ( pak empun pak.
Lepate bapak empun kela apunten. Boten sisah sriyos malih. Halaman 64)
Bu
Angkoro : mriman, pasrah ( mbok Angkoro
ya njur mapan turu ing senthonge. Dheweke biasa turu ijen tampa dikancani
bojone neng omah. Atine wis mupus, mbok menawa pancen kaya ngono kuwi garising
urip. Halaman 20)
Budi
Angkoro : tganan, ora nduwe ati, ( Dibyo
sing lagi turu neng kursi dawa, kanthi tekat sing kuwat nggorok gulune nganggo
parang sing digawa. Dheweke uga mateni bojone Bojone sing lagi turu ngeloni
jabang bayi.amarga krenteke kepengin duwe anak lanang, jabang bayi abang kuwi
digawa lunga. Halaman 2-3)
Trisno : ntriman, legawa ( Trisna lila legawa yen Prananti sesandhingan karo Prabowo. Sing
jenenge tresna kuwi ora bisa dipeksa.)
Sudut Pandang :
Orang ketiga diluar cerita
4. Kelebihan
Novel :
Novel
iki ngajari kita supaya aja tumindak sing ala. Ceritane runtut. Bahasa sing
dienggo uga apik. Yen kerja kita kudu kerja sing halal, aja mikir gampang entuk
dhuwite, nanging ya kudu dipikir resikone saka gawean kuwi. Kita aja langsung
percaya karo wong sing urung kita kenal, kok kita diiming-imingi barang sing
mewah, kita kudu selidhiki dhisik wong kuwi apik apa ora. Buku iki nganggo
kertas HVS putih,dadi tulisane ya cetha yen diwaca. Ukuran hurupe ya pas. Ora
kegedhen ya ora keciliken. Sampul buku iki alus lan gambare ya pas karo isi buku.
5. Kekurangan
Novel :
Ukuran
buku iki gedhe, dadi kuraang praktis yen digawa neng ngendi-endi.
6. Saran
Terhadap Buku / Manfaat Terhadap Buku :
Yen
isa, ukuran buku iki digawe rada cilik supaya isa praktis yen digawa neng
ngendi-endi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar