Kamis, 25 Desember 2014

Dadine desa Wirun



Dadine Desa Wirun
Kec. Winong, Kab. Pati, Jawa Tengah

            Ana ing kabupaten Pati, Jawa Tengah ana sing jenenge desa Wirun. Dadine desa wirun iki, nalika semana ana wanita sing jenenge Lasiah, sing biasa diundang mbah Ndhawik. Nalika semana Lasiah lagi nggoleki kang mase sing jenenge Citra Bangsa lan Rante Wulun. Citra Bangsa uga lagi mbabat alas ana ing kabupaten Pati.
            Citra Bangsa mbabat alas sing diwenei jeneng Alas Mojorembun, diwenei jeneng kuwi amarga ing alas kuwi ditemokake wit Maja ing jaman Majapahit. Desa Mojorembun uga isih sakelurahan karo desa Wirun. Nalika Lasiah wis ketemu kang mase, piyambake uga mbabat alas ing sisihe alas sing dibabat Citra Bangsa.
            Nalika mbabat alas, Lasiah uga ndhudhuk sumur ing tengah sawah. Ana ing cedhak sumur kuwi uga ana wit asem sing umure wis tuwa. Ana ing cedhak sumur kuwi Lasiah dimakamke. Sumur kuwi banyune ora asin kayak sumur-sumur liyane sing ana ing desa Wirun. Mula akeh para warga sing padha ngangsu kango masak lan kanggo ngombe ana ing sumur kuwi, ora mung warga desa Wirun, nanging uga saka liya desa.
            Desa kuwi dijenengi Desa Wirun amarga nalika kuwi Lasiah pinter miru jarik. Amarga kepinterane kuwi Lasiah terkenal ning ngendi-ngendi. Amarga kepinterane kuwi akeh wong sing mara neng omahe Lasiah kanggo tuku jarik sing diwiru, akeh wong sing kapengin nduweni jarike. Mula akeh wong sing padha mara Salah sijine sing kepengin nduweni jarike Lasiah yaiku Danyang (wong sing mbabad alas ngedegake desa) Pulorejo (Mbingung), danyang Bumiharjo (Mbothok) lan Dhanyang desa Tanggel.
            Amarga ora diwenehi jarike, danyang Mbingung meksa supaya diwenehi jarike. Nanging Lasiah tetep ora gelem menehke jarike. Pungkasan, jarike Lasiah dicolong. Ngerti yen jarike dicolong, Lasiah susah lan nesu. Saengga kakange uga melu nesu. Mmula kakange njaluk karo Lasiah supaya bisa nemukake jarike. Lasiah pamitan karo kakange kanggo nggoleki lan ngoyak wong sing nyolong jarike. Sansaya suwe Lasiah ngerti sapa wonge sing nyolong jarike. Wong sing nyolong jarike yaiku danyang Mbingung. Mula kanthi tekad sing kuat Lasiah ngoyak danyang Mbingung kanggo njaluk supaya jarike mbalik.
Ana ing tengah sawah (alas) lasiah perang karo danyang Mbingung. Ing peperngan kuwi danyang mbingung kalah lan mlayu. Lasiah kasil njukuk jarike sing dicolong. Nanging kanca-kancane danyang Mbingung padha ora trima lan padha ngoyak Lasiah, Lasiah mlayu ndhelik ana ing tengah alas. Ngerti yen adhine lagi dioyak-oyak, Cirtra Bangsa nggoleki Lasiah ana ing alas. Sawise ketemu, lasiah didhelikake. Amarga Lasiah iseh digoleki mula Lasiah nyamar supaya wong-wong padaha ora ngerti.
Sawise aman, Lasiah metu lan ora nyamar maneh. Dheweke mbalik ana ing desa Wirun lan ngomong yen masyarakat desa Wirun ora kena nikah/ bebojoan karo desa Mbingung. Nganti wektu sing suwe ora ana wong sing wani nglanggar omongane mau. Nanging seiring majune jaman akeh wong sing nglanggar omongane Lasiah mau.
Lasiah uga ngomong yen sumur ing tengah sawah kuwi banyune ora asin, ora kaya banyu ing sumur-sumur liyane ing desa. Amarga yen sumur kuwi asin mula ora ana sing bakal ngangsu lan oara bakal ana sing ngopeni.
Sawise kuwi Lasiah nerusake anggone mbabad alas kanggo nggedhekake desane. Lan nglestarekake uga nularake kepinterane miru jarik karo anak putune.
Amarga pinter Lasiah (mbah Ndhawik) pinter miru jarik mula desa kuwi dijenengake desa Wirun. Mula kuwi Lasiah njaga lan nduweni tanggung jawab sing abot supaya jarike ora ilang maneh. Lasiah susah yen jarike ilang maneh.
Kanggo ngormati perjuangane Lasiah sing ngadegake lan mbabad alas ing tanah Wirun, mula yen saben taun dianakake tasyukuran lan kirim donga. Tasyukuran kuwi diarani sedekah bumi, utawa nyedekahake asil bumi, lan ngresiki desa sing biyasane dianakake saben sasi Apit. Lan dianakake tanggapan, biyasane kethoprak sing dhuwite saka dhuwit sing dikumpulake dening warga desa Wirun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar