Pamanggih kula
ngenani wossipun saking serat Wedhaparaya, anggitanipun Empu Manêhguna
Pethikan saking
Serat Wedhaparaya, anggitanipun Empu Manêhguna ing nagari Lamongan ingkang
wosipun babagan Kerajaan Tuban.
Cariyosipun
dipunwiwiti jumenengipun Prabu Sindupati, ageng karatonipun, ingkang anggadhahi
garwa cacahipun sangang dasa sanga, nanging putranipun namung kalih ingkang
sami kakung, ingkang sepuh mijil saking garwa pangrembe turasing pandhita,
kaparingan nama Raden
Warihkusuma, ingkang anem miyos saking garwa padmi putrining ratu, kaparingan
nama Raden Warsakusuma, punika ingkang ginadhang anggêntosi karatonipun
ingkang rama.
Kekalih
putranipun sami rukun sanget. Ananging karukunan menika sami ical amarga
parebutan tahta. Sapeninggalaning Sang Prabu Sindupadi ingkang jumeneng
nggantosipun sang Prabu yaiku Raden Warihkusuma. Nalika kuwi Raden Warihkusuma
anggadhahi kersa badhe nglamar Endang Wresti dateng ing Redi. Ananging Endang
Wresti boten kersa kaliyan panjenengane. Lajeng panjenengane wangsul dhateng
Tuban.
Kalajengan
cariyosipun, Raden Warihkusuma ana ing negara Banyubiru saget jumeneng dados
Pangeran. Kacariyosaken, Sang Prabu Hertambang kagungan kersa mundhut mantu.
Dhateng sang pangeran badhe dipundaupaken kaliyan putrinipun Retna Wayi.
Cariyosipun dipunpungkasi rebutan keprabon negara Tuban antawis putranipun
Warihkusuma lan Putranipun Warsakusuma. Menika ingkang nyebabaken icalipun
karukunan antawis Raden Warihkusuma lan Raden Warsakusuma.
Maturnuwun,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar